Babat Gangsa Pak Karmin Mberok Semarang Pancen Nyus Tenan

Tumrap kang karem olahan jeroan, kudu nyoba sega lawuh babat gangsa ing warung sega goreng babat Pak Karmin Mberok.

Babat Gangsa Pak Karmin Mberok Semarang Pancen Nyus Tenan Babat Gangsa Pak Karmin sing dol ing warung cedhak Jembatan Mberok, Kota Lama, Jawa Tengah. (Instagram—bubueataway)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ngrembug babagan kuliner utawa jajanan pancen ora ana enteke. Ana wae jajanan enak sing kudu dicoba. Nah tumrap kang karem olahan jeroan, kudu nyoba sega lawuh babat gangsa ing warung sega goreng babat Pak Karmin Mberok.

Mesti wae babat gangsa istimewa iki ditawakake tumrap pawongan kang lelungan menyang Semarang utawa kanggo warga Semarang. Awit, pancen warunge Pak Karmin Mberok mapan ana Semarang.

Jumbuh karo jenenge, warung sega goreng babat Pak Karmin Mberok mapan ing cedhak Kretek Mberok, Kota Lama Semarang, Jawa Tengah. Pase ing Jl. Pemuda ing sisih Kali Semarang.

Siap-Siap, Sabtu Dini Hari Nanti Ada Gerhana Bulan Penumbra

Kanggo kang jajan ing warunge Pak Karmin, saliyane bisa nikmati kuliner olahane Pak Karmin uga bisa nyawang kaendahane Kota Lama. Mesthi marai ketagihan.

Warung sega goreng babat Pak Karmin Mberok bukak wiwit jam 08.00WIB tumeka jam 22.00WIB. Pak Karmin uga bukak cabang ing Jl. M.H. Tamrin, Kutha Semarang.

Saka warta kang diimpun Semarangpos.com saka pirang-pirang sumber, sadurunge kawentar babat gangsane Pak Karmin luwih dhisik dodolan sega goreng babat. Pak Karmin wiwit dodolan sega goreng babat ing taun 1971.

Kota Pekalongan Tanggap Darurat Rob hingga 17 Juni

Nalika awal bukak warung sega goreng, dagangane Pak Karmin sepi. Saka kuwi Pak Karmin banjur banjuron ngreka gawe olahan babat gangsa. Pranyata masakan babat gangsane akeh sing seneng lan dadi kawentar ing Semarang nganti seprene.

Karmin temenan anggone ngolah babat. Babat kang kasar apa dene kang alus dikumbah ing banyu kang mili nganti resik.

Wolung Jam

Babat kuwi banjur digodhog suwene telung jam. Dene babat kasar digodhog nganti wolung jam ben empuk. Sawise digodhog banjur digangsa banjur diwenehi banyu sithik, utawa nyemek. Bar kuwi lagi dimangsak nganggo bumbu kang disingitake resepe.

Golkar Pastikan Usung Gibran di Pilkada Solo

Kanggo sing ora seneng babat, ora prelu kuwatir. Isih ana olahan gangsa daging ayam utawa endhog sing rasane uga nyus.

Babat gangsa Pak Karmin pancen istimewa, babate empuk lan ora alot. Bumbune rumasuk lan krasa. Dene babagan rega, sega babat gangsa sapiring Rp15.000. Sega goreng babat regane Rp20.000. Rega kuwi ora owah wiwit 25 taun kepungkur.

Senajan warunge wis kawentar, nanging Karmin kanthi seneng nampa saran utawa kritik saka lengganane. Dheweke seneng jagongan karo lengganane. Sipate sing grapyak iku ndadekake uwong seneng jajan mrono.

Masjid Agung Al Aqsha Klaten Dibuka, Ratusan Umat Islam Laksanakan Salat Jumat

Malah, Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, uga nate jajan ing warunge Pak Karmin. Nalika jajan Ganjar ngrekam apa sing ditindakake ing vlog kanthi judhul Kuliner Malam Semarang, Nasi Goreng Babat Pak Karmin.

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.