Bakmi Jawa Mangsakane Pak Gareng Semarang Gawe Kemecer

Tumrap kang seneng keplek ilat utawa seneng jajan, wajib nyoba mangsakan bakmi ing warung Bakmi Jawa Pak Gareng ing Kutha Semarang, Jawa Tengah.

Bakmi Jawa Mangsakane Pak Gareng Semarang Gawe Kemecer Bakmi Jawa Pak Gareng diolah nganggo anglo lan areng. (Instagram—utomopanji)

Semarangpos.com, SEMARANG — Tumrap kang seneng keplek ilat utawa seneng jajan, wajib nyoba mangsakan bakmi ing warung Bakmi Jawa Pak Gareng ing Kutha Semarang, Jawa Tengah. Menawa masarakat Semarang mesthi wae kulina karo bakmi Jawa mangsakane Pak Gareng iki.

Satemene bakmi ing warung Bakmi Pak Gareng iki padha karo liyane, nanging pancen carane ngolah bakmi ing warung iki beda. Ana sing spesial. Warung Bakmi Jawa Pak Gareng manggon ing Jl. Wotgandul Dalam No. 171, Kutha Semarang.

Saking kawentare, senadyan ana ing njero gang warung iki rame wong kang jajan. Saben wong sing ditakoni manggone warung iki mesthi ngerti. Warung iki ora pati gedhe, paling mung cukup kanggo lungguh wong 25 kang jajan.

Sate Sapi Pak Kempleng, Kuliner ing Ungaran sing Nyus Tenan

Sadurunge disuguh bakmi jawa mangsakane Pak Gareng kang nyus, wong kang mlebu warung iku disuguhi gambar-gambar bintang pilem utawa penyanyi nasional kang lagi jajan ing warung iku. Gambar-gambar iku diplangkani kanthi rapi. Kuwi bukti yen warung Bakmi Jawa Pak Gareng pancen disenengi kabeh wong, masarakat biyasa nganti artis.

Kaya pawarta kang diimpun Semarangpos.com saka pirang-pirang sumber, sawetara wektu kepungkur, Pak Gareng wis wiwit dodolan bakmi ing taun 1970. Wektu iku Pak Gareng dodolan bakmi nganggo grobak. Pirantine mangsak wektu iku digunakake nganti saiki.

Pak Gareng migunakake anglo lan areng. Iki sing mbedakake mangsakane Pak Gareng wektu saiki, awit akeh sing migunakake kompor gas.

Menyang Semarang, Kudu Nyoba Jajan Bakmi Kopyok Kang Kawentar

Nganggo piranti mangsak tradhisional pancen butuh wektu rada suwe, nanging mangsak nganggo anglo lan areng ngasilake ambu sumub utawa aroma kang ndadekake weteng keroncongan. Wis, menawa ngambu aromane bakal kemecer.

Bakmi Gaweyan Dhewe

Ora mung piranti kang istimewa, Pak Gareng uga gawe bakmi dhewe, dudu bakmi tukon. Sadurunge digoreng utawa digodhog, bakmi kuwi dikum ing duduh godhogan ayam kampung.

Sing dadi andhalan ing warung kuwi, yaiku mangsakan bakmi godhog. Bakmi godhoge Pak Gareng nganggo duduh sing rupane soklat lan kenthel. Ambune sumub, wis mesti marai kepengin cepet-cepet nyendhok. Irisan daging ayam kampung lan endhog bebek ing mangsakan iku nambahi nyus bakmi godhoge.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Dene sayuran kang digunakane kanggo mangsak bakmi godhog kuwi yaiku sawi ijo lan kobis. Saliyane bakmi godhog ing warung iku uga sedhiya bakmi goreng, mihun goreng lan godhog, sega goreng, sega ruwet, lan sate.

Dene menawa kepingin bakmi godhog regane kalebu murah, yaiku Rp14.000 sapiring. Prelu digatekake, warung Bakmi Jawa Pak Gareng bukak wiwit jam 11.00 WIB tumeka jam 21.00 WIB.

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.