Brown Canyon Semarang iki Memper Grand Canyon ing Las Vegas, Mrana Yuk…

Mbok menawa akeh sing ora ngira menawa Kutha Semarang duwe papan kang memper karo Grand Canyon ing Las Vegas, jenenge Brown Canyon.

Brown Canyon Semarang iki Memper Grand Canyon ing Las Vegas, Mrana Yuk… Brown Canyon mapan ing tlatah Rowosari, Kecamatan Tembalang, Kutha Semarang, Jawa Tengah. (Merahputih.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Kaendahane Grand Canyon, sawijining papan wisata ing Amerika Serikat, pancen misuwur sadonya. Mbok menawa akeh sing ora ngira menawa Kutha Semarang uga duwe papan kang memper karo Grand Canyon ing Las Vegas iku. Papan wisata ing Semarang iku diarani Brown Canyon.

Netizen lan masarakat pancen nyebut papan ing Semarang iku Brown Canyon awit memper karo Gand Canyon ing Las Vegas. Brown Canyon iku mapan ing tlatah Rowosari, Kecamatan Tembalang, Kutha Semarang, Jawa Tengah.

Tumrap sing arep mrana diprayogakake ora numpak mobil mewah. Awit dalan tumuju papan kuwi elek lan ora rata.

Dongeng Naga Baru Klinthing Sumimpen Ing Endahe Rawa Pening

Nanging kanggo sing seneng tantangan bisa menyang papan endah iku kanthi numpak pit onthel. Bakal nyenengake ngubengi Brown Canyon kanthi numpak pit.

Kaya kang kaimpun Semarangpos.com saka sawetara sumber, Setu (4/3/2020), Brown Canyon sejatine papan tambang pasir lan watu kang umure luwih 10 taun.

Tumeka saiki pakaryan nambang bahan galian golongan C utawa tambang pasir lan watu ing papan iku isih ana. Awit saka iku wong kang wisata mrana diprayogakake nganggo masker amarga akeh bledug.

Biyene tlatah Brown Canyon mujudake punthuk utawa pegunungan. Anane proyek tambang wedhi lan watu iku ndadekake pegunungan iku kaya diukir memper Grand Canyon ing Amerika Serikat. Saka pemandhangan kang kaya ngono iku banjur papan iku dijenengi Brown Canyon.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

Ora amung perengan-perengan lemah kang dhuwur sing narik kawigatene wong kang teka mrono. Nanging uga ana blumbang alami kang banyune werna ijo. Blumbang iku ana ing sadawane kawasan pereng watu iku.

Blumbang Banyu Ijo

Blumbang iku muncul awit lemah ing ngisor pereng utawa tebing iku digerus dening banyu udan. Wektu mangsa rendheng, banyu udan ngebaki jugangan-jugangan ing antarane tebing-tebing iku.

Tumrap wong kang seneng seni poto, Brown Canyon bisa dadi pilihan kang nyenengake. Suwasana pereng-pereng utawa tebing watu ing papan iku nyuguhake kaendahan kang ngresepake ati.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

Blumbang kang ijo banyune iku dadi jujugane juru poto. Padatan wong-wong padha moto banyu kang lerap-lerap kang mantulake wewayangane pereng-pereng punthukan watu kang jejer ngadhek dhuwur.

Ditanggung, para pandhemen wisata ora bakal kabotan regane karcis mlebu papan iku. Nanging, prelu dadi kawigaten, menawa menyang Brown Canyon kudu nggawa sangu panganan, awit ing papan iku ora ana kang dodolan pangan.

Ing wektu sore para plancong bakang bisa nyawang kaendahan kang luwar biyasa ing papan iku. Tumrap kaum milenial papan iku pantes dipamerake ana ing media sosial, kaya dene ing Instagram, awit pancen Instagramable. Perlu digatekake menawa awan papan iku panase ngemplang-emplang, awit ora ana eyup-eyupe. Sumangga.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.