Dongeng Penyu Tetulung Rila Menehake Nyawa

Sadurunge ing dongeng penyu tetulung kanggo nebus dosa dicritakake nelayan cacah loro kang kapale pecah diterjang ombak ditulungi penyu.

Dongeng Penyu Tetulung Rila Menehake Nyawa Ilustrasi dongeng penyu kang tetulung. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Sadurunge ing dongeng penyu tetulung kanggo nebus dosa dicritakake nelayan cacah loro kang kapale pecah diterjang ombak ditulungi penyu. Sawise nelayan loro mau padha munggah gegere penyu, penyu lumaku alon-alon. Wong loro padha pasrah ngalah ngetutake lakune penyu.

Iki bacute dongeng penyu tetulung, gandheng wis telung dina telung bengi nelayan mau kompal-kampul ana tengahing samodra, mula wong loro padha keturon ana sak dhuwure geger penyu. Saeba kagete nelayan loro mau, bareng dheweke tangi jebul wis ana dharatan ditunggoni penyu sing aweh tetulung mau.

Nelayan mau padha ngrasakake ngelak lan luwe. Salah sijine nelayan kanthi sisane tenaga brangkangan golek panganan, nanging babar pisan ora entuk gawe. Ngerti nelayan mau padha angrerintih, si penyu tumuli celathu.

Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa

“He nelayan, aku ngerti kowe lagi padha keluwen. Aku seneng banget yen bisa aweh pitulungan marang kowe. Mongkok tenan atiku saumpama bisa nylametake sak padhane titah,” ujare penyu.

Gawe Kabecikan

“Aku iki wis tuwa diimbangake penyu-penyu liyane. Sadhela maneh aku bakal mati. Kamangka wis dadi pangajabku manawa sak durunge mati aku kudu gawe kabecikan kanggo nebus dosa-dosaku sing wis tak lakoni. Amarga aku klebu penyu kang nakal, penyu sing seneng gawe cilakane titah liyane sing manggon ana samodra kene,” penyu celathu marang nelayan

Dongeng Naga Baru Klinthing Sumimpen Ing Endahe Rawa Pening

“Aku eklas dagingku ta alap kanggo nebus sak kabehing dosaku. Muga-muga kanthi dalan mangkene aku bisa antuk kamulyan salawase dipapanake ana sak cedhake Gusti. Wis ndang sampurnakna lelakone uripku,” penyu ngakon nelayan supaya gelem mangan daginge.

Bareng keprungu clathune penyu, nelayan mau padha pating domblong, mbrebes mili. Penyu mau dirangkul wong loro, karo dielus-elus awake. Nelayan mau ora ketekan atine manawa kudu mateni mragat si Penyu sing lagi wae weneh pitulung ngentasake dheweke saka tetengahing samodra.

Ananging ngleksanani printahe si Penyu, nelayan mau ora bisa suwala. Kabeh amung kanggo nyampurnakake lelakon. Kanthi ati melas rinujit-rujit si Penyu kepragat. Nelayan mau nangis misek-misek. Jroning ati tansah nyenyuwun muga-muga Gusti paring piwales marang si Penyu. Kaapura dedosane, kapapanake ana ing suwarga langgeng.

Mula Bukane Tekek, Iki Dongenge…

 

Dening: Sunarimo SPd

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.