Enthit Perang Tandhing Panji Gunung Sari, Sapa Kang Menang?

Kalipatan kanuragane uga ngedab-edabi. Crita sabanjure, Enthit perang tandhing Panji Gunung Sari.

Enthit Perang Tandhing Panji Gunung Sari, Sapa Kang Menang? Ilustrasi Dongeng Enthit. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Crita iki candhake Dongeng Enthit. Enthit kang ala rupane, pranyata bisa mrantasi samubarang karya. Kalipatan kanuragane uga ngedab-edabi. Crita sabanjure, Enthit perang tandhing Panji Gunung Sari.

Ing sawijining dina, ana wanita kenya jerit-jerit marga dadi rebutan nom-noman ana cedhak Desa Banjarsari. Ora liya Kenya mau aran Ragil Kuning sing lagi nggoleki Panji Asmara Bangun.

Nom-noman loro mau banjur kerengan, kang jalari padune dadi rame. Malah kapinujon uga, Enthit teka lan duwe karep misah, nanging salah tampa.

PSBB Kota Tegal Berakhir Besok, Warga Dilarang Keluar Rumah, Kenapa?

Wusanane Enthit malah diajar karo nom-noman loro sing ugal-ugalan mau. Dianggep wong ala rupane duwe karep seneng marang Ragil Kuning. Enthit bangga lan ngajar wong-wong sing ngroyok dheweke.

Wusana Ragil Kuning dislametake Enthit. Najan wis dislametake, rumangsane Ragil Kuning arep dipek bojo, mula Ragil Kuning kamigilanen jerit-jerit marga nyawang rupane Enthit sing ala rupane mau.

Kedadeyan mau kapinujon dimangerteni pawongan aran Panji Gunung Sari sing liwat ana dalan kono uga. Dheweke didhawuhi goleki kangmase dikantheni abdine cacah loro aran Bancak lan Doyok.

Pembatasan Kegiatan Masyarakat di Kota Semarang Berakhir Sabtu, Akankah Diperpanjang?

Anggone goleki kangmase wis pirang-pirang sasi. Gunung Sari kaget lan gumum, nalika digatekake sing dijak Enthit jebul pacangane, Ragil Kuning.

Wusanane Enthit dioyak banjur diajar. Banjur Enthit perang tandhing Panji Gunung Sari. Sansaya suwe sansaya rame. Panji Gunung Sari putra raja, mesti duwe keprigelan kanuragan. Mula Enthit waspada ngadhepi pawongan sing jare ngaku pacangane Ragil Kuning mau.

Adu Kanuragan

Enthit dadi muntab rumangsa dikilani dhadhane, dupeh pawongan mau bagus rupane. Sauntara kuwi, nom-noman sing mau sedya jarag Ragil Kuning malah kamitenggengen anggone nyawang kerengane Enthit lan Panji Gunung Sari adu kanuragan. Dheweke gumun, marga keprigelane kanuragan ora sebandhing karo dheweke.

Sekolah Bersahabat dengan Covid-19 akan Diuji Coba Karanganyar, Bagaimana Modelnya?

“Najan rupane ala, cacat, pranyata sekti uga, ya?” kandhane salah sijine pawongan mau.

Sing siji uga kamitenggengen nyawang anggone Panji Gunung Sari limpat ngolahake keprigelane. Suwe-suwe Panji Gunung Sari keteter ngadhepi Enthit, sing nyatane dheweke luwih prigel najan cacat.

Papan dadi mbleduk marga kordhane wong sing padha gelut, sasat kaya bantheng ketaton polahe. Tendhang, ajar, tempiling, dipithing dibanting, mengkana sapiturute.

Demi Dapat Bantuan, Warga Serengan Solo Abaikan Jaga Jarak

“Kurang ajar, najan cacat jebul sekti menungsa iki,” kandhane Panji Gunung Sari sedya ngunus pusaka ampuhe.

 

Dening: Muh Taufiq

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

 

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.