Jaka Menyawak, Baya Kang Bisa Tata Jalma

Kacarita ana Nyi Randha kang duwe anak angkat jenenge Jaka Menyawak kang wujude baya nanging bisa tata jalma.

Jaka Menyawak, Baya Kang Bisa Tata Jalma Ilustrasi Dongeng Jaka Menyawak. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Kacarita ana Nyi Randha kang duwe anak angkat jenenge Jaka Menyawak. Senajan wujude kaya baya, Jaka Menyawak bisa tata jalma kaya menungsa lumrah.

Nyi Randha banget tresnane marang anak angkat sing ditemokake ing pesisir nalika golek iwak. Mengkono uga Jaka Menyawak tresna marang biyung angkate.

Sawijining dina Jaka Menyawak nyuwun marang biyunge supaya gelem nglamarake putri Majapait.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

“Adhuh Ngger, mbok aja kuwi penjalukmu! Elinga kowe kuwi mung anake wong cilik, randha mlarat, ora derajad ora pangkat, ora bandha ora rupa. Kepiye nggonku arep sowan sang prabu ngaturake panglamarmu?” ujare Mbok Randha.

“Piye mengko yen ora ditampa panglamarmu, malah aku dipidana. Dianggep ngenyek, nglamar putri ratu entuk bocah sing wujude kaya baya ora rupa menungsa. Mbok liyane wae ta, Ngger,” pamenggake Nyi Randha.

Nglamar Putri Raja

“Biyung, yen pancen Biyung ora kersa nglamarake aku, ya wis karya slamet Biyung. Aku arep lunga saka kene,” celathune Jaka Menyawak memelas.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

“Kosik, Ngger! Aja lunga dhisik. Yen pancen kaya mengkono tekadmu, Biyung arep budhal menyang Majapait kanggo nglamarake kowe,” kandhane Nyi Randha wedi yen nganti ditinggal anak sing banget diasihi.

“Biyung, yen wis ditampa Sinuwun Prabu, sanggupana kabeh penjaluke. Apa wae penjaluke aja nganti ditolak,” pesene Jaka Menyawak sadurung Biyunge budhal. Nyi Randha banjur budhal menyang Majapait.

Kocapa ing Kraton Majapait pinuju ana pasewakan. Sinuwun Prabu diadhep sakehing narapraja lan sentana. Nyi Randha maju mundur aneng lawang.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

Sinuwun Prabu pirsa, banjur kongkonan prajurit supaya ngajak Nyi Randha ngadhep, arep didangu apa karepe. Sawise didangu, kanthi wedi Nyi Randha matur apa prelune. (Ana Candhake)

 

Dening: Masdi M.S.D.

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.