Jaka Menyawak Dhaup Karo Putri Raja

Jaka menyawak minangkani kabeh pemundhutane Sinuhun. Banjur Jaka Menyawak dhaup karo putri raja.

Jaka Menyawak Dhaup Karo Putri Raja Ilustrasi Dongeng Jaka Menyawak. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG – Jaka menyawak minangkani kabeh pemundhutane Sinuhun. Banjur Jaka Menyawak dhaup karo putri raja.

“Wis Biyung, ora prelu bingung, iki kabeh kanggo minangkani bebanane Sinuhun. Saiki Biyung enggal dandan nganggo klambi apik banjur sowana Sinuhun, matura yen kabeh penjaluke wis tak cawisake. Sisan takana kapan nggonku mapak pinanganten putri?” kandhane Jaka Menyawak.

Nyi Randha enggal tata-tata. Atine bungah awit sedhela maneh Jaka Menyawak dhaup karo putri raja. Saiki lakune dadi bregas, supaya luwih cepet nitih kreta sing wis sumadiya.

Jaka Menyawak, Baya Kang Bisa Tata Jalma

Tekan Kraton Majapait Nyi Randha matur yen sedaya bebanane wis cumawis. Dhukuh Kalentang saiki wis dadi Negari Gebangtinatar. Wis pepak ana kawula, punggawa lan prajurite. Jaka Menyawak wis sumadya mapak kapan Sinuwun ngersakake.

“Nyi Randha saiki sira enggal baliya. Tak tetepake, sesuk dina Jemuah, jam nenem kudu wis teka kumpul aneng paseban. Kabeh uwong bakal kumpul ana kana,” ngendikane Sinuhun Prabu.

Ing dina sing wis ditetepake Jaka Menyawak lan para pengiring jam nenem wis ngadhep Sinuwun Prabu kanthi nggawa gawan kaya sing dijaluk. Para sentana, punggawa lan prajurit Majapait wis sumadhiya aneng alun-alun. Sinuwun Prabu banjur ngajak bebarengan ngiring pinang nganten menyang Gebangtinatar.

Jaka Menyawak Nglamar Putri Raja

Pesta andrawina mahargya dhaupe Jaka Menyawak karo Dewi Patah diregengake kanthi maneka tontonan lan tetabuhan. Jaka Menyawak kepengin nonton wayang. Ing tengah wengi dheweke ngrucat sandhangane banjur diseleh neng jambangan.

Kanthi wujud Jaka Pekik sing bagus rupane dheweke ngganteni dadi pengendhang. Akeh wanita padha kepencut nonton baguse. Putri-putri Majapait iya melu kepencut.

Malih Dadi Bagus

Nalika wis marem ngendhangi, Jaka Pekik bali mlebu kedhaton. Tekan njero dheweke bingung nggoleki sandhangan bayane wis ora ana. Banjur ditakokake marang ingkang garwa.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

“Dhi Ajeng Dewi Patah, apa sliramu ngerti sandhanganku?” pitakone.

“Aku ora ngerti kowe kuwi sapa, wong bagus, lan ya ora ngerti neng ngendi sandhanganmu. Mung aku mau nemokake kulit baya aneng jambangan banjur tak obong,” ngendikane Dewi Patah.

“Mangertiya Dhiajeng satemene aku iki Jaka Pekik putra Negari Madhengda. Keneng sepatane Rama Prabu aku malih dadi Jaka Menyawak sing wujude baya. Gandheng saiki rasukan bayaku wis ko obong aku wis ora bisa malih dadi baya maneh. Mbok menawa iki wis dadi garise Gusti Kang Maha Kuwasa,” ngendikane Jaka Pekik.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

Mireng ngendikane ingkang garwa Dewi Patah ngunjukake puji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung. Dheweke rumangsa beja wis gelem nampa panglamare Jaka Menyawak sing jebule iya menungsa lumrah malah putra ratu uga. Dene mbakyu-mbakyune dadi getun ndhisik wis nulak, kepara malah wis ngina lan ngremehke. (Cuthel)

 

Dening: Masdi M.S.D.

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.