Jaka Menyawak Nglamar Putri Raja

Ing dongeng sadurunge dicritakake Nyi Randha nuruti panjaluke Jaka Menyawak nglamar putri raja. Nyi Randha kasil ngadhep Sang Prabu.

Jaka Menyawak Nglamar Putri Raja Ilustrasi Dongeng Jaka Menyawak. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ing dongeng sadurunge dicritakake Nyi Randha nuruti panjaluke Jaka Menyawak nglamar putri raja. Nyi Randha wis tekan kraton saprelu nglamar putrine Sinuhun Prabu kanggo anake lanang.

Sinuwun Prabu pirsa, banjur kongkonan prajurit supaya ngajak Nyi Randha ngadhep, arep didangu apa karepe. Sawise didangu, kanthi wedi Nyi Randha matur apa prelune.

“Saderengipun sewu lepat kula nyuwun pangaksami. Kula nggadhahi putra angkat ingkang wujudipun kados baya. Nanging saged tatajalma lan gadhah pepinginan kados tiyang limrah. Anak kula kepengin kagungan garwa putri Ratu Majapait. Pramila sowan kula punika saperlu minangkani panjalukipun anak kula Jaka Menyawak nglamar putri Paduka,” ature Nyi Randha diwanek-wanekake.

Jaka Menyawak, Baya Kang Bisa Tata Jalma

Sinuwun Prabu senajan ora rena ora wani terus nulak. Luwih dhisik arep ditarekake marang putri-putrine sing cacahe ana papat. Putri nomer siji nganti nomer telu kabeh nulak.

Nanging si wuragil Dewi Patah nampa panglamare Nyi Randha. Bab iki malah gawe kejot penggalihe Sinuwun. Mula Sinuwun duwe bebana sing kudu dileksanani Nyi Randha. Bebana kuwi banget aeng amarga pancen niyate mung kanggo nulak karana alus.

“Panglamarmu Ingsun tampa lamun putramu bisa minangkani panjalukku. Yaiku tenun saka emas, lumbung pangan, peti, lan maneka kandhang sa isen-isene sawernane sato kewan. Uga gedhong cacah pitu kanthi lampu-lampune sing padhang,” pangandikane Sinuhun.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh

“Putramu kudu duwe negara dhewe sing jembare padha Negara Majapait, komplit ana kawulane saka maneka bangsa lan iya duwe prajurit dhewe. Besuk yen mapag lan ngarak temanten kudu ditanggapake sakehing tontonan, ditumpakake tandhu kang endah. Dalane wiwit saka omahmu tekan Kraton kene digelari sawernane bakal kang alus lan endah,” dhawuhe Sinuhun.

“Wis cukup penjalukku, kandhakna marang anakira. Sanggup apa ora? Yen ora sanggup bakal dak tugel janggamu Nyi Randha,” ngendikane Sinuhun Prabu.

Nyuwun Pamit

Nyi Randha enggal nyuwun pamit. Tekan ngomah karo nangis memelas Nyi Randha ngandhakake bebanane Ratu Majapait marang anake. Jaka Menyawak nyaguhi apa kang dikersakake sinuhun.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa

Ing tengah wengi Jaka Menyawak ngrucat sandhangan bayane malih dadi Jaka Pekik sing bagus rupane. Nuhoni dhawuhe Ki Ajar Samajati, dheweke nggawa waluh peparinge banjur metu aneng latar. Waluh disigar, kulite dibanting ing lemah malih dadi negara.

Wijine disebar malih dadi uwong saka rupa-rupa bangsa, punggawa lan para prajurit. Waluh sijine disigar disebar malih dadi gedhong sapirang-pirang pepak saisine.

Ana uga sing dadi lumbung, maneka kandhang isi raja kaya lan sato iwen. Jaka Pekik bali mlebu ngomah sing wis dadi kraton, nganggo sandhangan baya maneh bali dadi Jaka Menyawak, mlangkring neng jambangan.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Tangi turu Nyi Randha kaget meruhi kahanan wis malik grembyang dadi sarwa endah. “Iki omahe sapa? Kenengapa aku turu ana kene?” grenenge. (Ana Candhake)

 

Dening: Masdi M.S.D.

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.