Jaka Tarub Ndhelikake Klambine Nawang Wulan, Apa Sing Kedadeyan?

Wong ngliwet nganggo pari utawa beras ana sambung rapete karo paraga crita Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan.

Jaka Tarub Ndhelikake Klambine Nawang Wulan, Apa Sing Kedadeyan? Ilustrasi Jaka Tarub (Wikipedia.com)

Semarangpos.com, Semarang — Ing tlatah pulo Jawa, para wargane rata-rata saben dino mangan sega sing asale saka beras kang diliwet. Nah, ana crita kenapa wong-wong mau ngliwet nganggo pari utawa beras. Banjur apa sambung rapete karo paraga jeneng Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan?

Ing sawijining dina nalika ana alas gung liwang liwung. Ana sutapa (pawongan sing lagi tapa) aran Ki Ageng. Padatan sing jeneng sutapa mau senengane aweh wulang wuruk marang warga sing mbutuhake kepinteran. Kapinteran mau wujud tetanen, paweh tamba wong lara lan sak panunggalane.

Nah, Ki Ageng duwe putra aran Jaka Alas. Ki Ageng krungu kabar saka Desa Tarub, jare ana mbok randha kepengin mupu (ngepek) anak. Ki Ageng banjur nemoni Mbok Randha Tarub mau. Dheweke dijenengake Mbok Randha Tarub marga urip ing Desa Tarub.

Tim SAR Temukan Lagi Nelayan Jepara Hanyut, Pencarian Selesai

“Wadhuh, kula remen sanget kepanggih panjenengan. Sak estu, pareng nggih, putra panjenengan kula pupu?” pitakone Mbok Randha Tarub katon seneng banget.

Mesthi wae Ki Ageng ngulungake watone gelem ndhaku kaya anake dhewe. Mbok Randha bungah atine, kathik bocah mau lanang dhasar pekik warnane.

Bagus Rupane

Saya dina, saya sasi lan munggahe nganti tekan tahun, Jaka Alas dadi nom-noman sing bagus rupane. Jenenge wis dudu Jaka Alas maneh, marga karo mboke angkat diganti jeneng Jaka Tarub.

Tanpa Masker, Siapa Pun Tak Boleh Masuk Pasar di Temanggung

Jaka Tarub saben dina tansah ngrewangi gaweyane simboke. Dhasar bocahe mituhu marang wong tuwane, najan wong tuwo angkat. Nanging Mbok Randha wis prasetya, menawa Jaka Alas utawa Jaka Tarub dianggep anake dhewe.

Ing sawijining dina Jaka Tarub mbebedhak kewan ana alas. Nanging meh sedina ora oleh kewan sing dikarepake. Nalika awake kesel, Jaka Tarub leren leyeh-leyeh semendhe ana ngisor wit gordha.

Nalikane leyeh-leyeh keprungu swara wong wadon pada guyon. Saeba kagete Jaka Tarub krungu swara wong wadon luwih saka siji ana tengah alas. “Aja-aja peri, ya?” mengkono batine Jaka Tarub.

Nekat Angkut Pemudik, 7 Travel di Banyumas Kena Tilang dan Penumpang Dikarantina

Kanthi was sumelang dheweke nggoleki asale swara mau. Nalika ditlesih jebul bener, ana wanita ayu-ayu lagi adus ana sendhang. Makaping-kaping mripate diucek, kanggo mesthekake menawa wong-wong wadon mau dudu peri. Apa maneh gek adus wayah arep surup.

Kelangan Klambi

“Wah, saupama salah siji saka dheweke dadi pasanganku, mendah senenge atiku. Lan simbok mesthi bakal seneng ana sing ngrewangi ana ngomah,” pengangene Jaka Tarub kandheg ing batin.

“Becik klambi salah sijine wong wadon ayu kae tak dhelikake,” mengkono niyate Jaka Tarub.

Bocah Umur 3 Tahun di Klaten Hilang saat Pulang Sendiri dari Rumah Tetangga

Sajake srengenge sedhela bakal angslup. Mula para kenya sing adus mau enggal mentas lan bali. “Ayo enggal bali menyang kayangan,” ngono kandhane salah siji widadari.

“Iya, iki ya wis arep bali menyang kayangan, kok,” Widadari sijine nyaut tembunge kancane. Nalika wis padha mentas lan nganggo penganggon widadari, salah sijine Widadari aran Nawang Wulan kelangan klambine.

Nama Dionisius Prasetyo Ternyata Hoaks, Inilah Nama Asli Didi Kempot…  

Kabeh padha bingung, sapa sing njupuk klambine Nawang Wulan. Ora ana sing ngerti, kamangka selak surup. Mula padha kesusu bali menyang kayangan kajaba Nawang Wulan. Nawang Wulan sedhih atine, malah nganggo nangis marga ora bisa mabur bali menyang kayangan.

 

Dening: Bambang Hermanto

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.