Kancil Si Juru Adhil Nengahi Prekarane Macan Lan Gajah

Esuk iku srengengene katon aras-arasen metu sakwise sedina sewengi udan ora ana terange. Iki pambukane dongeng Kancil si juru adhil.

Kancil Si Juru Adhil Nengahi Prekarane Macan Lan Gajah Ilustrasi Dongeng Kancil Si Juru Adhil. (Sijay.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Galeyah-galeyah lakune Si Gajah sakgrombolane nasak alas gung liwang liwung. Esuk iku srengengene katon aras-arasen metu sakwise sedina sewengi udan ora ana terange. Iki pambukane dongeng Kancil si juru adhil.

Gajah-gajah mau padha sengkut anggone mangan suket lan gegodhongan ing satengahing alas. Malah ana sawijining gajah nom amarga sengkut anggone mburu gegodhongan sing ijo royo-royo nganti lumepas ninggalake biyunge.

Ora wetara suwe gajah nom mau krungu sesambate sato kewan kang mbutuhake pitulungan.

Pocong Genyangan di Purbalingga Ternyata Hoaks, Pelakunya Gadis Di Bawah Umur

“Tulung… tulung tulungana aku!” swarane Macan Gembong ana sakjroning guwa kang tinutupan watu gedhe. Gajah nom-noman tumuli nyedhaki swara mau.

“We hladalah kena apa kowe Macan Gembong?“ pitakone Gajah marang Macan.

“Mau bengi wektu udan deres aku ngeyup ana njero guwa kene. Gandheng aku kesel mula aku keturon. Sakwise aku tangi jebul plawangan guwa wis ketutup watu gedhe sing jugrug saka sakdhuwure guwa. Aku terus gero-gero sambat sakbanter-bantere nganti keprungu awakmu iki Jah,“ wangsulane Macan melasake ati.

“Lha terus saiki kepriye karepmu?“ pitakone Gajah maneh.

“Aku njaluk tulung kowe Jah. Wis sakwengi aku ana njero guwa kene dhewekan. Saeba susahe anak lan bojoku ngarep-arep tekaku,“ wangsulane Macan Gembong.

Ini Video Helikopter TNI Jatuh & Meledak di Kendal…

“Aku ora bisa nulungi kowe Macan Gembong, amarga aku wis diweling karo biyung manawa kowe kuwi kewan sing paling wengis. Kowe nduweni sifat ala lan seneng gawe cilakane kewan liyane,“ kandhane Gajah nandhes.

Cidra Janji

“Ora-ora bakal aku nyilakakake kowe Jah. Tak owahane watakku. Malah kowe mengko bakal tak dadekake sedulurku sinarawedi. Aku pracaya kowe Gajah sing rosa lan apik bebudenmu. Mesakna aku Jah, enggal tulungana aku ya Jah,” pangrimuke Macan Gembong gawe luluh atine Gajah.

“Yo wis aku arep tetulung kowe, nanging sakwise bisa metu saka guwa, kowe ora kena milara awakku ya?” clathune Gajah.

“Iya aku janji ora bakal nyilakakake kowe,“ jawabe Macan Gembong mantep.

Si Gajah nom banjur ngetokake kakuwatan. Watu gedhe sing nutupi plawangan guwa mau didhusuri bola-bali nganti nggeser lan mbukak plawangane guwa kaya maune. Macan Gembong age-age metu saka guwa kanthi ati lega.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

Sakwise metu saka guwa Macan Gembong lali marang janjine. Gajah sing lagi ngunjal ambegan amarga kesele malah ditubruk sakayange, dicengkerem nganggo kuku-kukune sing landhep banget.

“Adhuh lara Can. Macan, kena apa kowe lali karo janjimu. Kowe tega marang aku sing lagi wae weneh pitulungan, adhuh,“ sambate Si Gajah ngaru ara.

“Ha… ha… ha… ngertiya Jah manawa aku iki sing nguwasani alas kene. Yen pancen kowe bisa nelukake aku, tak culake awakmu. Wis manuta wae wetengku wis krasa luwe!“ kandhane Macan Gembong sesongaran.

Ora Ngreti Kabecikan

Krungu sesambate Gajah saka kadohan, Kancil cepet-cepet nemoni kewan loro sing lagi padha panca kara.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

“Hai Macan Gembong, ana apa iki kok padha tukaran!,“ pambengoke Kancil karo misah sing padha kerengan.

Gajah banjur nyritakake lelakon kang lagi wae dumadi. Atase lagi wae tetulung marang Macan Gembong, malah dheweke bakal dimangsa karo Macan. Mula Gajah nedya njaluk kadhilan marang Kancil kang lagi teka.

“Kancil, kowe arep ngadhili aku kanthi cara kepriye!,“ Macan muntab karo nggetak Si Kancil si juru adhil.

“Macan Gembong iki mangkene, Aku arep tumindak sak adhil-adhile. Mengko yen nganti ana sing dirugekake, wis ta aku panganen awak sak balung-balungku,” jawabe kancil manteb banget.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

“0… ya aku cocog!“ celathune Macan karo mentheleng.

“Wis saiki dibaleni saka kedadeyan sakawit. Macan mlebuwa neng guwa. Terus watu gedhe kuwi tutupna maneh nyang plawangane guwa Jah, Gajah!” Prentahe Kancil marang Macan lan Gajah. Age-age watu gedhe didhusur ditutupake maneh menyang plawangan guwa.

“Sakwise kowe ana njero guwa maneh, karepmu kepriye Macan Gembong?“ pitakone Kancil karo sajak ngece.

“Aku kepingin metu maneh Cil!,“ jawabe Macan saka njero guwa.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

“Ora bisa, ya iki pikolehe anggonmu sesongaran, ora ngreti kabecikan babar pisan. Ya ing guwa kene kowe bakal nampa panandhang amarga saka pokal gawemu dhewe!” clathune Kancil Si Juru Adhil kebak kawibawan, gegancangan karo Gajah nom ninggalake Macan Gembong sing gero-gero getun keduwung.

 

Dening: Sunarimo SPd

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.