Kena Pusaka, Enthit Malih Rupa Dadi Panji Asmoro Bangun

Perang tandhing antarane Enthit kalawan Panji Gunung Sari rame banget. Kocapa, nalika kena pusaka, Enthit banjur malih rupa.

Kena Pusaka, Enthit Malih Rupa Dadi Panji Asmoro Bangun Ilustrasi Dongeng Enthit. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Perang tandhing antarane Enthit kalawan Panji Gunung Sari rame banget. Sakarone padha sektine. Panji Gunung Sari ora mangerteni sapa sejatine Enthit. Kocapa, nalika kena pusaka, Enthit banjur malih rupa.

“Kurang ajar, najan cacat jebul sekti menungsa iki,” kandhane Panji Gunung Sari sedya ngunus pusaka ampuhe.

“Kakang Panji Gunung Sari…!” pambengoke Ragil Kuning, karo nyandhet pacangane supaya ora ngunus pusaka. Amarga yen nganti ditamakake bakal mbilaeni nemahi pati, amarga ampuhe kagila-gila.

Mas Black yang Tantang Disuntik Virus Corona ke Polresta Banyumas, Bingung Dihubungi Banyak Orang

“Hiaaaaat…!” pusaka nyamber ragane Enthit. Enthit dhewe telah anggone endha. Enthit kena pusaka. Wusana keprungu swara kaya bledhek mecah angkasa, sing swarane gawe giroh.

Malah wong loro sing sedya ngrudapeksa Ragil Kuning nggeblak sak nalika. Abdine Panji Gunung Sari aran Bancak lan Doyok uga kaget merga sumupe swara mau. Ora liya merga pusaka tumama ana ragane Enthit.

Urip Bebrayan

Aneh, ragane Enthit ilang sak keplasan kena pusakane Panji Gunung Sari. Kabeh kamitenggengen. Dumadakan, ilange Enthit njelma Panji Asmoro Bangun.

Duh, Bayi Umur 2 Tahun di Salatiga Positif Covid-19

“Kakang?!” undange Panji Gunung Sari gumun, marga dumadakan ilange Enthit malih dadi Panji Asmoro bangun. “Bener penjenengan, Kakang Panji Asmoro Bangun?” kandhane Panji Gunung isih durung percaya menawa malihane Enthit jebul Panji Asmoro Bangun. Sing ditakoni mung mesem.

“Oh, Kakang Panji Asmoro Bangun,” sambunge Gunung Sari karo ngrangkul sedulure lanang.

Wong loro padha rerangkulan, dheweke ora ngira yen kudu ketemu karo sedulure lanang kanthi lelakon sing dianggep aneh kuwi. Semana uga Ragil Kuning nyritakake lelakone, menawa Kakang Panji Asmoro Bangun kudu enggal mulih. Dheweke nyritakke larane mbakyune, Galuh Condro Kirono. Bareng kabeh wis cetha, wong lima engal nemoni wong tuwane angkat Enthit, sedya pamit bali menyang Keraton Jenggala.

Petani Sragen Ramai-Ramai Bongkar Jebakan Tikus Berlistrik, Takut Ancaman Pidana?

Panji Asmoro Bangun, Panji Gunung Sari, Ragil Kuning, Bancak lan Doyok wis tekan ing Keraton Jenggala. Galuh Condro Kirono rumangsa tentrem ketemu Panji Asmoro Bangun.

Saya dina larane saya suda satemah bagas waras. Panji Asmoro Bangun urip bebrayan karo Galuh Condro Kirono dene Panji Gunung Sari dhaup karo Ragil Kuning. Sabanjure, Keraton Jenggala diperang dadi loro dene Raja Amiluhur, siji kanggo Pangeran Panji Asmoro Bangun lan sijine kanggo Pangeran Panji Gunung Sari.

 

 

Dening: Pakdhe Her

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.