Menyang Semarang, Kudu Nyoba Jajan Bakmi Kopyok Kang Kawentar

Tumrap wong sing lelungan menyang Semarang becik nyoba jajanan utawa kuliner bakmi kopyok, salah sijine kuliner kondhang ing Kutha Semarang.

Menyang Semarang, Kudu Nyoba Jajan Bakmi Kopyok Kang Kawentar Mie Kopyok Pak Dhuwur warunge mapan ing Jl. Tanjung No. 18A, Kelurahan Pandansari, Kecamatan Semarang Tengah, Kota Semarang, Jawa Tengah. (Instagram—miekopyok_pakdhuwur)

Semarangpos.com, SEMARANG — Tumrap wong sing lelungan menyang Semarang becik nyoba jajanan utawa kuliner bakmi kopyok. Bakmi kopyok iki salah sijine kuliner kondhang ing Kutha Semarang. Kaya-kaya durung neng Semarang yen durung ngicipi Bakmi Kopyok.

Pancen bakmi kopyok iki katone sedherhana utawa prasaja, nanging rasane wee… enak tenaan. Rasane pancen jempolan. Salah sijine warung bakmi kopyok kang kawentar gandeme rasa yaiku warung bakmi kopyok Pak Dhuwur.

Warung bakmi kopyok Pak Dhuwur mapan ing Jl. Tanjung No.18A, Pandansari, Kecamatan Semarang Tengah, Kota Semarang, Jawa Tengah. Papane ora adoh saka Stasiun Poncol.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

Warung iku disebut warung Pak Dhuwur awit bakule pancen dedege dhuwur. Pak Dhuwur dodolan Bakmi Kopyok wiwit taun 1970. Wis suwe banget. Wiwitane Pak Dhuwur dodolan bakmi kopyok mubeng turut kampung. Banjur ing taun 1980-an dheweke dodolan ing trotoar ngarep Kantor PLN Semarang.

Dodolan kanthi magrok pranyata ora gampang kaya sing dibayangake sadurunge. Pak Dhuwur bola-bali digusur dikon pindhah saka trotoar. Nganti ing taun 1996 Pak Dhuwur gawe warung kang sempulur tumeka saiki.

Masake Dikopyok

Kaya apa ta sajane bakmi kopyok kuwi? Miturut sawetara sumber katrangan kang diklumpukake Semarangpos.com masakan utawa kuliner kuwi dijenengi bakmi kopyok awit masake dikopyok.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Bakmi dicelupke banyu umub bola-bali. Karepe supaya bakmi dadi empuk. Sadurunge dikopyok ing banyu panas, bakmi kuwi rada kenyil-kenyil utawa kenyal. Supaya rasane ora malih wiwit seprana tekan seprene, Pak Dhuwur gawe bakmi dhewe.

Dene komplitane bakmi kopyok yaiku lonthong, tahu kempong diirisi, thokolan, irisan sledri, duduh, lan brambang goreng. Bakmi kopyok cocok dilawuhi karak.

Sapa sing menyang Semarang lan kepingin ngicipiki masakan bakmi kopyok ing warunge Pak Dhuwur ora prelu wedi bab rega. Kuliner kas Semarang iku regane bisa diarani murah awit sapiring mung Rp13.000. Dene sing kepingin porsi utawa taningan jumbo regane Rp16.000.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa

Sing perlu dieling-eling, warunge Pak Dhuwur bukak wiwit jam 08.00WIB tumeka jam 16.00WIB. Aja nganti telat dimen ora kecelik.

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.