Nawang Wulan Bali Kayangan Sawise Nemokake Klambi Widadari

Wiwit dina kuwi Nawang Wulan yen ngliwet kudu nutu pari luwih dhisik, tambah rekasa. Bab iku kang njalari Nawang Wulan bisa bali menyang kayangan.

Nawang Wulan Bali Kayangan Sawise Nemokake Klambi Widadari Ilustrasi Jaka Tarub (Wikipedia.com)

Semarangpos.com, Semarang — Sawise kukusan sing kanggo adang pari sawuli dibukak Jaka Tarub, kasektene Nawang Wulan ilang. Wiwit dina kuwi Nawang Wulan yen ngliwet kudu nutu pari luwih dhisik, tambah rekasa. Bab iku kang njalari Nawang Wulan bisa bali menyang kayangan.

Satemene Nawang Wulan pingin bali menyang kayangan, nanging mesakake anake sing isih cilik. Kajaba kuwi dheweke ora ngerti, kepiye carane bali menyang kayangan.

Saben telung dina sepisan Nawang Wulan kudu nutu pari saprelu kanggo gawe beras, kanggo nyukupi pangan saben dinane. Saya suwe pari ing lumbung saya tipis marga ditutu.

Peci Unik Berbahan Goni Produk Kudus Rambah Pasar Ekspor Korsel

Saeba kagete Nawang Wulan, nalika jupuk pari sing pungkasan, ing ngisore jebul ana klambine sing tau ilang ana tlaga mbiyen.

“Oh, dadi klambiku biyen sing jupuk Kakang Jaka Tarub. Genah, iki klambiku biyen. Becik tak anggo wae,” kandhane Nawang Wulan.

Klambi nuli dianggo. Nawang Wulan bungah atine, banjur dadi widadari maneh.

“Nawang Wulan…?” panyeluke Jaka Tarub. Krungu panyeluke bojone, Nawang Wulan enggal nemoni. Jaka Tarub kaget nalika nyawang Nawang Wulan nganggo klambi widadari. Praupane dadi ayu, bali dadi widadari maneh.

Wadul ke Ketua DPRD Jateng, Dokter di Semarang Tak Mau Gaji ASN Dipotong 50%

Nawang Wulan enggal njupuk Nawangsih, banjur diwenehake Jaka Tarub. Widodari iku nitipake anake marang bojone. Kanggone Nawang Wulan, dheweke ora bisa nyawiji urip karo kodrate menungsa.

Jaluk Apura

Apa maneh Jaka Tarub wis gawe rugine Nawang Wulan kanthi ndhelikake klambi widadarine.

“Senajan mengkono, Kakang. Aku ora bakal nglalekake Nawangsih. Penjalukku, ing wayah bengi supaya Nawangsih mbok selehake ana panggung. Kanthi mengkono aku bakal teka lan nusoni Nawangsih,” kandhane Nawang Wulan marang Jaka Tarub.

Hari Kedua, 427 Orang Klaster Indogrosir Sleman Jalani Rapid Test, 19 Reaktif

Jaka Tarub makaping-kaping jaluk ngapura, jaluk supaya Nawang Wulan ora bali menyang kayangan maneh. Dheweke nglenggana luput marga dhelikake klambine Nawang Wulan nalika adus ana tlaga biyen.

“Lan aku jaluk, nalika Nawangsih ana panggung, Kakang Jaka Tarub ora kena nyedhak,” ngono pitungkase Nawang Wulan marang bojone.

“Uwis, Kakang aku bali menyang kayangan…” Nawang Wulan enggal mabur menyang kayangan.

Begal Bermobil Beraksi di Sragen, Uang Milik Pedagang Dibawa Kabur  

Jaka Tarub mung bisa nyawang kamitenggengen meruhi bojone bali menyang kayangan. Sabanjure, ing saben dinane Jaka Tarub menawa ngliwet kudu nutu pari luwih dhisik. Lan kedadeyane kaya mengkono ditindakake dening tangga teparone.

Mengkono critane Dewi Nawang Wulan, dheweke bakal nemoni anake Nawangsih nalika isih mbutuhake susune ibune.

Jaka Tarub kudu nglenggana, kabeh mbok menawa wis dadi kodrate, menawa menungsa kudu duwe bojo menungsa, dudu bojo widadari. Apa maneh dheweke luput tau jupuk klambine widadari Nawang Wulan.

Dening: Bambang Hermanto

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.