Nawangwulan Dhaup Karo Jaka Tarub, Duwe Anak Dewi Nawangsih

Awit busana widadarine didhelikake Jaka Tarub, Nawangwulan banjur pasang patembaya. Bab iku dadi jalaran Nawangwulan dhaup karo Jaka Tarub.

Nawangwulan Dhaup Karo Jaka Tarub, Duwe Anak Dewi Nawangsih Ilustrasi Jaka Tarub (Wikipedia.com)

Semarangpos.com, Semarang — Awit busana widadarine Nawangwulan didhelikake Jaka Tarub kabeh padha bingung, sapa sing njupuk klambine Nawang Wulan. Awit saka patembayane, Nawangwulan dhaup karo Jaka Tarub.

Mula padha kesusu bali menyang kayangan kajaba Nawang Wulan. Nawang Wulan sedhih atine, malah nganggo nangis marga ora bisa mabur bali menyang kayangan.

“Aku duwe patembaya, sapa wae sing bisa nulungi aku, yen lanang bakal tak suwitani. Aku gelem dipek bojo. Yen wadon bakal tak anggep sedulur sinara wedi,” Mengkono kandhane widadari Nawang Wulan.

Hampir 3 Tahun Kemplang Pajak, Direktur di Semarang Dihukum 1 Tahun 8 Bulan

Krungu kandhane Nawang Wulan, Jaka Tarub mesam mesem banjur nyedhaki. Dheweke enggal ngulungake barang sing bisa kanggo salin Nawang Wulan. Ringkese crita, Nawang Wulan dijak mulih nemoni mboke Jaka Tarub. Sabanjure Jaka Tarub lan Nawang Wulan didhaupake.

Wektu terus lumaku sawise Nawangwulan dhaup karo Jaka Tarub, Simboke Jaka Tarub kang saya tuwa lara-laranen nganti tekan pestine mati. Jaka Tarub lan Nawang Wulan kudu manggon ana omah tinggalane Mbok Randha. Mula dilakoni kanthi seneng, Jaka Tarub lan Nawang Wulan urip bebrayan ing desa Tarub. Malah wis duwe anak wadon jenenge Dewi Nawangsih.

Ing sawijing dina. Nawang Wulan sedya arep ngumbahi popoke anake menyang belik. Dheweke wanti-wanti marang bojone, aja pisan-pisan mbukak kukusan sing kanggo ngliwet.

Minta Sekda Blora Mundur Via Video, Gubernur Ganjar Pranowo Tuai Kritik

Nanging Jaka Tarub dadi kebak tandha pitakon krungu welinge bojone, kenapa dheweke ora antuk mbukak kukusan sing kanggo ngliwet. Mula nalika Nawang Wulan wis mangkat menyang belik, Jaka Tarub mbukak sing lagi diadang ana kukusan.

“Sing diliwet pari sawuli?” Jaka Tarub gumun banget.

Pari Sawuli

“Dadi sasuwene iki Nawang Wulan ngliwet kanthi pari sawuli bisa dadi sega? Ehhm, pantes pari sing ana lumbung ora entek-entek,” Jaka Tarub tambah gumune.

Perusahaan Otobus Wonogiri Operasikan Bus Demi Pendapatan Karyawan

Nanging saeba kagete nalika kukusan arep ditutup maneh ora bisa. Kathik kukusane malah rusak, wusanane ditindhihi lemper lan uleg-uleg.

Nawang Wulan wis mulih saka belik. Saeba kagete nalika mbukak anggone adang pari sewuli ora dadi sega. Nanging isih wutuh. Nawang Wulan dadi susah marga kasektene ilang.

“Kakang mbukak kukusan nggonku ngliwet, ya?” pitakone Nawang Wulan. Jaka Tarub ngaku. Nawang Wulan banjur nesu, nanging ora ana gunane.

Jumlah Pengunjung Mal di Madiun Dibatasi Maksimal 300 Orang, Bagaimana Pengunjung Lain? 

“Aku njaluk ngapura, Nawang Wulan,” ujare Jaka Tarub. Nanging ora ana gunane, marga bojone wis kelangan kasektene minangka widadari.

“Saiki ngene, kakang. Wiwit dina iki kakang kudu gawe lesung sarta lumpang saprelu kanggo nutu pari supaya dadi beras. Kasektenku ilang marga Kakang wis nerak welingku,” mengkono kandhane Nawang Wulan.

 

Dening: Bambang Hermanto

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.