Nemtokake Paugeran Ing Alas

Jaman biyen bangsane kewan iber-iberan, nglumpuk nyawiji karo sato-sato liyane. Ora kepantha-pantha. Awit saka iku para kewan kudu nemtokake paugeran ing alas.

Nemtokake Paugeran Ing Alas Ilustrasi rembugane para kewan nemtokake paugeran ing alas. (worldofghibli.co)

Semarangpos.com, SEMARANG — Kocap kacarita maewu-ewu taun kapungkur, bangsane kewan iber-iberan, nglumpuk nyawiji karo sato-sato liyane. Ora kepantha-pantha. Awit saka iku para kewan kudu nemtokake paugeran ing alas.

Wondene sato iber-iberan mau kagolong manuk, codhot, kalong, nganti bangsane kinjeng, walang, tawon, kupu, pitik, bebek, banyak lan liya-liyane.

Mesthi wae kang kaya mangkono iku ateges becik. Bisa rukun lan guyup. Tanpa mbeda-mbedakake antarane siji lan sijine. Sanajan seje wewujudane.

Dongeng Naga Baru Klinthing Sumimpen Ing Endahe Rawa Pening

Nanging sapa nyana kang kaya mangkono mau jebul bisa dianggep kliru dening dara. Jalaran manuk dara kerep mrangguli kanyatan kang ora ngepenakake. Manuk dara ing jaman semana kerep trenyuh atine. Rumangsa kurang jenjem, rumangsa kurang aman panguripane. Jalaran nalika urip awor, campur dadi siji mau malah ana kang dhemen cidra, tega, lan mentala.

Banjur manuk dara kerep nggresula marang manuk emprit. “Yen kahanan kaya ngene iki diterus-terusake malah sansaya mbebayani. Awake dhewe kerep digoleki lenane dening kang dhemen mangan iwak.”

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

“Banjur saiki kapenake kepriye?” pitakone emprit.

“Satemene wis suwe aku duwe gagasan arep nglumpukake kanca-kanca. Arep dak ajak rembugan nemtokake paugeran ing alas. Kober ora kober kudu gelem. Ngaso dhisik saka anggone golek pangan sauntara.”

Uneg-Uneg

Manuk glathik banjur melu nrambul omong. “Aku mathuk. Ing pirembugan iku mengko bisa ngetokake panguneg-unege dhewe-dhewe, kepriye supaya luwih becike.”

“Panguneg-uneg iku contone apa?” pitakone manuk emprit.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

“Yen para sato iber-iberan isih campur dadi siji kaya sasuwene iki, aku sakanca kang kerep nemoni cilaka.”

“Nalare kepriye?” pitakone dara, sanajan satemene wis ngerti kang dikarepake.

“Ing antarane bangsa iber-iberan iki uga ana kang dhemen mangsa sapadhane sato iber-iberan. Mula kudune ora entuk awor. Malah bakal nyilakani.”

“Yen ngana, wiwit saiki ayo diwara-warakake.”

“Bangsaku rak kerep dadi memangsane manuk elang, gagak, kang senengane mangan iwak. Coba waspadakake, bangsaku iki saiki rak wiwit langka,” sambung glathik.

“Ya, ya bener,” jawabe dara.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

“Mula aku banjur arep ngrembug perkara iki. Kang kerep dadi memangsane elang, gagak, beluk, iku satemene ora amung bala-balamu wae. Lan kang kagolong langka uga ora mung bala-balamu wae. Akeh cacahe. Kaya ta manuk-manuk podhang, bethet, srigunting, sikatan. Iku saiki rak wis kagolong arang ana,” omonge manuk dara.

“Ya bener,” sambunge manuk emprit meh bareng karo suwarane manuk glathik.

Anggone rembugan wiwitan antarane manuk dara, emprit lan glathik mau sajake ana kang lagi ndedingkik saka pang kang kalingan gegodhongan. Mula nalika kang lagi padha rembugan mau ngerti banjur bubar mawut. Banjur menclok bareng ing pang sawo kang dhuwur.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Cekake crita, pasamuan agung mau banjur kaleksanan. Ing pasamuan mau kabeh bangsane sato iber-iberan padha teka. Prasasat ora ana kang kecicir. Nganti sato cilik-cilik.

Kapilah-Pilah

Ing pasamuan mau manuk dara kang kajibah mimpin adicara. Miturut manuk dara ing titi wancine saiki, sato iber-iberan kudu wiwit kapilah-pilah, manut jinise dhewe-dhewe. Kabeh kudu rukun ing bangsane.

Ana ing pasamuan mau ketara kang rada ora sarujuk bangsane manuk-manuk elang, gagak lan beluk. Polatane banjur ketara mbesengut, sluntrut. Malah ana kang nganti njenggureng, katon kejeme. Jalaran yen isih nglumpuk dadi siji ateges luwih gampang anggone golek pangan.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa

Pasamuan mau banjur bubar. Akeh kang sarujuk ing putusan mau. Mung manuk-manuk elang, gagak lan beluk wae kang isih katon amem, tandha kurang sarujuk.

Lan anggone padha mblenjani ketara nganti tumekane saiki. Marang kang padha mblenjani pancen rukun ing bangsane dhewe-dhewe. Nanging marang bangsa liyane isih dhemen mungsuhi lan isih krasan manggon ing alas.

Nanging bangsane manuk beluk lan lawa ketara yen rada isin. Mula manuk beluk banjur kerep dhedhelikan ing pang wit-witan gedhe. Ing sela-selane gegodhongan.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh

Manuk beluk lagi gelem metu saka pandhelikane rikala wayah wengi wae. Lan bangsane lawa, jalaran rasa isine mau banjur dhemen dhedhelikan ing petenge guwa-guwa.

 

Dening: Endang Sulistyowati

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.