Sate Sapi Pak Kempleng, Kuliner ing Ungaran sing Nyus Tenan

Menawa lagi lelungan menyang Ungaran, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah, aja lali mampir warung Sate Sapi Pak Kempleng.

Sate Sapi Pak Kempleng, Kuliner ing Ungaran sing Nyus Tenan Sate Sapi Pak Kempleng ing Jl. Diponegoro No. 271, Ungaran, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. (Instagram—bertiokta)

Semarangpos.com, UNGARAN — Tumrap kang seneng kuliner utawa jajanan, menawa lagi lelungan menyang Ungaran, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah, aja lali mampir warung Sate Sapi Pak Kempleng. Sate siji iki sing paling nyamleng sak Ungaran.

Jeneng “kempleng” pranyata dijupuk saka lageyane sing dodol sing kerep nenglengake sirahe nalika ngladeni lengganane. Pak Kempleng sadurunge tau dodolan sate kanthi dipikul.

Wiwitane ing taun 1960 Pak Klempleng dodolan sate dipikul neng cedhak Alun-alun Ungaran. Saiki kita bisa jajan sate sapi iki ing warung Jl. Diponegoro No. 271 Ungaran, Kabupaten Semarang, lan ing cabange. Warung-warung cabange sate Pak Kempleng diwenehi nomer urut.

Mulai 12 Juni, KAI Semarang Layani 10 Perjalanan, Mana Saja…

Senajan wis ganti kang duwe, nanging rasane sate sapi iki tetep kaya wektu Pak Kempleng isih dodolan. Resep kang turun-temurun ndadekake rasa kuliner iku tetep mak nyus.

Sing mirunggan saka sate sapi iki yaiku migunakake bumbu gula aren. Nalika dhahar sate sapi iki bakal krasa bumbu campuran tumbar, mrica, lan gula aren.

Dadinge Empuk

Miturut kabar kang diimpun Semarangpos.com saka sawetara sumber, Kemis (28/5/2020), daging sapi iku diungkep karo bumbu rempah. Wektu ngungkep iku migunakake banyu sithik, supaya bumbu bisa rumesep lan daging dadi empuk.

Santap Makanan Hajatan, Belasan Warga Getasrejo Grobogan Keracunan

Pancen daging sapi ing warunge Pak Kempleng empuk tenan, ora alot. Sate iku uga ora migunakake gajih.

Sate Pak Kempleng iki disuguhake nganggo bumbu sambel kacang kang nyamleng. Sambel iki uga migunakake gula aren lan bumbu kang dirahasiakake.

Tumrap para penikmat kuliner bisa ngicipi sate iki ing warung kang bukak wiwit jam 09.00 WIB tumeka jam 21.00 WIB. Rega kang dipasang kanggo 10 sunduk yaiku Rp55.000.

Kejaksaan Segel Ruangan Kantor PDAM Kudus

Saliyane sate sapi, warung Pak Kempleng uga nyumadyakake jajanan liya kang nikmat. Kayata sate ayam, gule kambing, tongseng kambing, tongseng sapi, lan daging gangsa.

Warung sate Pak Kempleng pancen wis kawentar ing masarakat. Para priyagung uga tau jajan ing warung iku. Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo malah gawe vlog kanthi judhul Kuliner Sate Sapi Pak Kempleng. “Rasakna sate sapi Kempleng,” ujare Gubernur sinambi gedhek-gedhek sirahe.

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.