Adeging Kraton Demak Dening Raden Patah, Putra Raja Majapahit Kang Pungkasan

Ing wewengkon tanah Jawa, Kraton Demak kang mapan ing pesisir lor pulo Jawa iki mujudake kraton Islam kang sepisan.

Adeging Kraton Demak Dening Raden Patah, Putra Raja Majapahit Kang Pungkasan Masjid Agung Demak (detikcom-Wikha Setiawan)

Semarangpos.com, Semarang — Kraton Demak mujudake salah sijine Kraton Islam ing Nuswantara utawa Indonesia. Ing wewengkon tanah Jawa, adeging Kraton Demak kang mapan ing pesisir lor pulo Jawa iki mujudake kraton Islam kang sepisan.

Kocapa rikala semana Demak isih mujudake sawijining kadhipaten kabawah prentah Kraton Majapahit kang nganut agama Hindu-Budha. Wektu iku Kraton Majapahit kawentar awit kekuwatan prejurite ngedab-edabi.

Ing mangsa jayane, Kraton Majapahit ngelar jajahan nguwasani tlatah tumeka Sumatra, Selat Malaya, Kalimantan, Sulawesi, Nusa Tenggara, Maluku, Papua. Ora amung iku wewengkon Majapahit uga tumeka Tumasik utawa Singapura lan saperangan Pilipina.

Peneliti UKSW Salatiga Prediksikan Normal Pasca-Covid-19 Pertengahan Agustus

Ananging tibane titimangsa, sandyakalaning Majapahit teka. Kraton gung kang kawentar iku surut pamore. Kadhipaten-kadhipaten kang kabawah Majapahit, siji mbaka siji uwal saka panguwasane kraton iku. Malah akeh kadhipaten kang peperangan rebut panguwasa rumangsa dadi ahli waris Majapahit.

Dene Demak wektu iku dianggep dadi bumi predikan kang dadi ahli waris langsung Kraton Majapahit. Awit Raden Patah kang mandhegani Demak mujudake keturunan raja pungkasan Majapahit, Brawijaya V karo garwane, putri saka Campa.

Demak wektu iku dadi punjere siyar Islam ing Tanah Jawa lan Nuswantara. Para wali kang kasebut Wali Sanga nyengkuyung adeging Kraton Demak dadi punjer utawa pusat sumebaring Agama Islam.

Mulai Selasa Ini Stasiun Tawang Semarang Kembali Layani Penumpang

Awit panyengkuyunge Wali Sanga mligine Sunan Ampel, Raden Patah kaangkat dadi raja ing Demak. Raden Patah uga ngedegake pesantren ing Glagah Wangi kang dadi jujugane kawula Demak lan njaban rangkah.

Putra Cacah Lima

Mbaka sithik Demak dadi pusat dedagangan lan dadi kraton kang reja. Demak resmi madeg dadi Kraton sawetara wektu sawise Kraton Majapahit bubar, yaiku taun 1481 Masehi utawa 1403 Saka. Raja pungkasan Majapahit yaiku Prabu Brawijaya V utawa Kertabumi.

Raden Patah kang jumeneng nata ing Kraton Demak duwe putra cacah lima. Yaiku Pati Unus, Pangeran Sekar Seda Lepen, Sultan Trenggana, Raden Kanduwuran, lan Raden Pamekas.

Penerima Bansos Terdampak Covid-19 di Salatiga Meningkat, Ini Jumlahnya…

Nalika dadi raja ing Demak, Raden Patah duwe gelar Sultan Alam Akbar al Fatah utawa Senapati Jumbung Ngabdurrahman Panembahan Palembang Sayidin Panatagama. Raden patah dadi raja sasuwene 18 taun, ing taun 1500 – 1518 Masehi.

Ing jaman Raden Patah, ing Demak dibangun Mejid Agung Demak lan Alun-alun Kraton Demak.

Sawise Malaka tundhuk marang Portugis, Kraton Demak kang dadi pusat panyebaran Agama Islam saya kawentar. Panguwasane Kraton Demak tambah jembar, saliyane ing pesisir lor pulo Jawa uga tumeka Kutha Banjar, Kalimantan Kidul, Jambi, Palembang, lan Maluku.

Jateng Siap Kirim 26.000 Paket Sembako untuk Warga di Jakarta

Kekuwatan prejurit Demak uga saya gedhe, luwih-luwih kekuwatan prejurit laute. Ing taun 1512 lan 1513 Raden Patah ngutus Pati Unus ngrebut Malaka saka tangane Portugis. Demak kabiyantu dening prejurit Aceh lan Palembang.

Demak ngirimake 90 jung utawa kapal gedhe kanthi 12.000 prejurit. Ananging awit kurang gegaman, prajurit Demak ora kasil ngalahake Portugis.

Raden Patah seda ing taun 1518. Pati Unus banjur kawisuda ngganti kalungguhane Raden Patah, dadi raja ing Demak. Pati Unus kawentar kuwanene nglawan penjajah Portugis, saengga antuk julukan Pangeran Sabrang Lor.

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.