Candhi Gedhong Sanga, Papan Wisata Kang Nyimpen Wewadi, Ana Wadi Apa?

Candhi Gedhong Sanga duwe sujarah dawa. Saliyane iku Candhi Gedhong Sanga uga nyimpen wewadi kang durung kawiyak.

Candhi Gedhong Sanga, Papan Wisata Kang Nyimpen Wewadi, Ana Wadi Apa? Candhi Gedhong Sanga ing Dhusun Darum, Kelurahan Candi, Kecamatan Bandungan, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. (Instagram--wisatasemarang)

Semarangpos.com, UNGARAN – Tumrap kang seneng wisata ing candhi, prelu mara ing Candhi Gedhong Sanga. Saliyane duwe sujarah dawa, Candhi Gedhong Sanga uga nyimpen wewadi kang durung kawiyak.

Candhi Gedhong Sanga ditemokake dening Thomas Stamford Raffles ing taun 1804. Raffles iki uga sing nemokake kembang bangke sing gedhe dhewe sadonya. Kembang kuwi banjur dijenengi Rafflesia arnoldii.

Candhi Gedhong Sanga mujudake salah sijine tinggalan keraton Hindu ing jaman Wangsa Syailendra, ing abad kasanga.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh

Dene diarani Gedhong Sanga maknake wangunan cacah sanga. Nanging, nalika nemokake Candhi Gedhong Sanga, Raffles mung nemu wangunan candhi cacah pitu. Mula wektu iku diarani Gedhong Pitoe. Banjur ing taun 1908, V. Stein Callenfels ngadani panaliten ngenani candhi kuwi.

Ing panaliten kang suwene telung tahun iku Stein nemokake candhi cacah loro kang sadurunge ora ditemokake Raffles. Banjur pamarintah Hindia Belanda ngadani panaliten resmi ing taun1916.

Dipugar

Candhi iku banjur dipugar dening Walanda ing taun 1928 tumeka 1929. Anggone mugar sithik mbaka sithik diwiwiti saka ngisor utawa Candhi Gedhong 1.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa

Banjur ing taun 1930-1932 Candhi Gedhong 2 dipugar. Kaimpun saka website mytrip123.com, Rabu (6/5/2020), pamarintah Indonesia nerusake pamugarane candhi kuwi ing taun 1977-1983.

Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala (SPSP) kang ngleksanakake pamu Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala (SPSP) pamugarane Candhi Gedhong 3, 4, lan 5. Ing tahun 2009 pamarintah kanthi tenanan ngapikake lan ngrumat candhi kuwi.

Candhi Gedong Sanga mapan ing Dusun Darum, Kelurahan Candi, Kecamatan Bandungan, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Ana ing perenge Gunung Ungaran. Wilayah iku kalebu dhataran dhuwur 1.200 meter sadhuwure laut.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Menawa arep menyang Candhi Gehong Sanga, saka Ambarawa butuh wektu udakara 40 menit. Wong kang tumuju menyang candhi kuwi kudu ati-ati awit dalane rada angel, munggah lan menggak-menggok.

Cacah Lima

Wektu kang cocok kanggo tumuju candhi kuwi yaiku wayah esuk utawa sore. Suasana endah lan hawa kang seger ndadekake kita bisa nikmati alam kanthi seneng.

Nanging menawa kepingin mrana wayah awan uga apik wae, awit sadawane dalan hawane seger lan adhem. Suhu udara ing candhi udakara 19 drajat Celcius.

Mula Bukane Tekek, Iki Dongenge…

Tumrap kang kepingin kliling candhi, bisa liwat dalan cilik kang wis dicawisake. Nanging pancen butuh tenaga lan tekad kang kuwat awit dalane nanjak. Jarak antarane candhi siji lan sijine uga rada adoh.

Sing ora kuwat bisa nyewa jaran kanggo tumpakan kliling nikmati kaendahane Candhi Gedhong Sanga. Ana wewadi kang sumimpen ing Candhi Gedhong Sanga, menawa kita mrana lan mung nemokake candhi cacah lima, aja kaget. Miturut critane warga ing kono, candhi-candhi liyane mujudake candhi gaib kang ora saben uwong bisa weruh. Sumangga.

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.