Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

Warga enom-tuwa, lanang-wedok padha nglumpuk ana plataran mejid. Apa ana sing nggagas dongeng wedhus kurban ya?

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan Ilustrasi Dongeng Wedhus Kurban. (malukunews.co)

Semarangpos.com, SEMARANG — Esuk kuwi, pas tanggal 10 Sasi Besar, sakwise Salat Idul Adha, wong-wong padha nglumpuk ana lapangan cedhak mejid. Enom-tuwa, lanang-wedok padha nglumpuk. Apa ana sing nggagas dongengan wedhus kurban, ya?

Para jamaah mesjid padha repot nyiapake piranti lan panggonan kanggo mbeleh kewan kurban lan ngirisi iwake kewan kurban. Dene bocah-bocah padha katon seneng cedhak wedhus kurban, rumangsa entuk dolanan wedhus kurban. Ana bocah sing menehi suket marang Mumu lan kancane. Ana uga kang menehi pakan sapi. Bocah sing kendel malah ana sing nggeret buntute sapi sing lagi njerum.

Mumu kang dadi lakon ing dongengan wedhus kurban, wis pesen karo kanca-kancane kewan kurban, supaya dheweke sing pisanan dibeleh. Pak Mondol, sapi Brondhol, si Gembol, lan liya-liyane pada trenyuh krungu pesene Si Mumu kuwi.

Kupatan Syawal di Rembang Ditiadakan Corona

Wektu kanggo mbeleh wis ndungkap. Mumu mlaku dituntun nuju papan kanggo mbeleh. Pak Haji wis siyaga nggawa lading kanggo mbeleh. Sikile Mumu padha dicekeli, semono uga sirahe. Awake dilumahke, gulune dipapanake ana dhuwur kayu. Ngisore lemah sing wus dijugangi.

Tangise Mumu

Mumu wis sumadya ketemu Allah. Mripate merem. Dheweke mbayangke senenge anak-anak yatim, wong-wong pakir miskin lan mlarat, bisa mangan iwake sing lezat. Kanggo wong-wong mau, iwak wedhus arang-arang dipangan kajaba setaun pisan pas Riyaya Idul Kurban.

Mumu uga rumangsa seneng, amarga bisa nindakake ngibadah, nindakake dhawuhe Allah SWT. Ora krasa, Mumu nangis. Mripate mbrebes mili, amarga saking bungahe.

Sate Sapi Pak Kempleng Juaranya Kuliner di Ungaran

“He, tontonen, wedhuse nangis…wedhuse nangis,” salah sijine jemaah sing nyekeli sikile Mumu, ngonangi menawa wedhus Mumu nangis.

Nanging jamaah liyane padha ora nggatekake. Lading sing landhep mbeleh gulune Mumu. Mumu krasa kelaran, nanging rasa lara mau diampet. Mumu wiwit kenteken getih. Dheweke wis ora bisa ambegan maneh. Iki mau dongengan wedhus kurban. Suwara takbir terus diucapake para manungsa.

Allahu akbar… allaahu akbar…allaaahu akbar. (Cuthel)

 

 

Dening: Farid Achmadi

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.