Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh

Kewan-kewan kurban padha dicencang lan diklumpukake ana lapangan ngarep mejid dadi pambuka dongeng wedhus kurban.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh Ilustrasi Dongeng Wedhus Kurban. (malukunews.co)

Semarangpos.com, SEMARANG — Mumu, wedhus Jawa sing isih enom, katon bingung. Dheweke ora mudheng babar blas, ana apa kewan-kewan iki padha dicencang lan diklumpukake ana lapangan ngarep mejid. Iki pambuka dongeng wedhus kurban.

Saliyane wedhus Jawa cacah pitu, ana uga sapi cacah telu lan wedhus gembel cacah loro. Kewan-kewan mau padha diwenehi suket sing akeh lan seger-seger.

“Janjane awake dhewe iki arep diapakke kok diklumpukke ana ing lapangan kene?” ujare si Mumu sing dadi lakon ing dongeng wedhus kurban.

Lumrah wae si Mumu mau bingung, amarga biyasane wayah sore ngene dheweke golek pangan dhewe ing tegalan. “Aku luwih seneng menawa golek pangan dhewe. Saiki dicencang nang kene, ora bisa mlaku-mlaku. Iki janjane ana apa?” ujare karo bengok-bengok.

Sulit Imunisasi Anak, Sejumlah Ibu Mengadu ke Gubernur Jateng

“Uwis ta, kowe ora prelu sedhih. Luwih becik kowe mangan sing wareg suket-suket sing wis dicepakke iki,” omonge si Gembol, wedhus gembel sing paling tuwa dhewe.

Dibandhingke karo wedhus liyane sing ana lapangan, Mumu paling enom dhewe. Umure lagi rong taun punjul sithik. Nadyan paling enom, awake lemu lan waras kaya wedhus sing umure wis telung taun.

Golek Pangan

Padatan, saben sore Mumu mesthi golek pangan dhewe ana tegalan lan bisa milih suket-suket sing disenengi. Bisa mlayu-mlayu saksenenge.

Wali Kota Akui Potensi New Normal Semarang Mundur

Nanging sore iki, Mumu ora bisa menyang ngendi-ngendi amarga awake dicencang. Bocah-bocah padha nglumpuk ana lapangan lan mbeda Mumu karo wedhus kanca-kancane.

“Karepe apa para manungsa kuwi kok ndadak repot-repot menehi suket-suket iki. Aku luwih seneng bisa golek suket dhewe,” Mumu isih nggresula.

Brondhol, sapi sing uga dicencang cedhake Mumu mengo. “Kowe ora mungkin bisa ucul. Awake dhewe iki kewan kurban,” ujare Brondol.

“Tegese, awake dhewe sesuk esuk bubar Salat Id arep dibeleh manungsa dinggo kewan kurban,” Brondhol nerangake marang Mumu.

ASN Pemkot Solo akan Ngantor Lagi, WFH Dicabut 2 Juni

“Aku wegah dibeleh..!!! Aku wegah dibeleh..!!! Aku wegah dibeleh..! Mbuh arep dinggo ngibadah, arep dinggo pesta, arep dinggo warung makan, aku tetep wegah dibeleh..!!” Mumu sansaya bengok-bengok ora karuwan. (Ana candhake)

 

Dening: Farid Achmadi

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.