Mula Bukane Tekek, Iki Dongenge…

Kareben dadi bocah pinter, Teko dititipake marang sawijining guru. Crita iki kang dadi mula bukane tekek utawa kedadeyane kewan tekek.

Mula Bukane Tekek, Iki Dongenge… Ilustrasi Dongeng Tekek. (GetDrawing.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Dhek jaman kuna, ana randha duwe anak siji. Bocahe klebu bodho, jenenge Teko. Kareben dadi bocah pinter, Teko dititipake marang sawijining guru. Kedadeyan iki kang dadi mula bukane tekek utawa kedadeyane kewan tekek.

Ing daleme Pak Guru, Teko ora dianggep murid. Nanging mung dadi kongkonan. Kaya dene rewang.

Teko iku bocah kang sabar. Dadi kongkonan lan dianggep rewang, uga mung nrima wae.

“Kapan-kapan aku mesthi diwenehi piwulang. Ngelmu kang dhuwur. Kang migunani tumrap uripku,” mengkono Teko ngudarasa.

Jateng Siapkan Skenario New Normal di Sekolah

Sawiji dina, Teko didhawuhi gurune mbakar pongge cacahe enem. Embuh sebabe apa pongge mau ilang siji. Dadi kari lima.

Bareng wis mateng, pongge dicaoske gurune. Bareng wis ditampa, nuli dietung. Pranyata pongge enem saiki kari lima.

“Pongge enem, ilang siji kari lima,” gurune ngendika.

Krungu gurune ngendika ngana, Teko seneng banget. Rumangsane diwenehi wulangan. Mula apa sing dingendikakake gurune tansah dieling-eling.

Saben-saben mesthi ngapalke apa kang dadi ngendikane gurune, yaiku, “pongge enem ilang siji kari lima.”

Pembatalan Operasional Kereta Api Jarak Jauh Diperpanjang Hingga 30 Juni

Bareng wis pirang-pirang taun ngenger gurune, sajake dadi jeleh. Ing sawiji dina dheweke lunga. Menyang alas, nuli tapa ana ing ngisor wit keben.

Ngeling-Eling

Sajrone tapa ora tau lali ngeling-eling lan ngucap piwulang kang ditampa saka gurune, yaitu, pongge enem ilang siji kari lima.

Nalika lagi mlaku-mlaku ana tengah alas, dumadakan weruh ana pethi gumletak. Pethi dijupuk, jebule isi emas raja brana akeh banget. Teko dadi wong kang sugih banget.

Gurune krungu, yen saiki Teko dadi wong sugih banget. Gurune gumun lan kepengin sugih kaya Teko. Mula nuli nggoleki Teko.

747 Orang Jalani Rapid Test di Temanggung, 112 Orang Reaktif

Bareng wis ketemu nuli takon, “Kowe kok bisa sugih banget, kepriye carane?”

“Wah, gampang sanget,” wangsulane Teko.

“Kula tapa wonten ngandhap wit keben. Sarta tansah ngucap piwulang saking Pak Guru.”

“Piwulang sing endi?” pitakone gurune.

“Pongge enem ilang siji kari lima,” wangsulane Teko.

“O… ngana ta?”

Esuke gurune Teko nuli tiru-tiru tapa ana ing alas. Lan ora lali saben-saben mesthi ngucap, “Pongge enem ilang siji kari lima.” Kanthi pangajab bisa nemu bandha kaya Teko. Sarta bisa dadi wong sugih mblegedhu.

Kasus Corona Klaster Pasar Kobong Semarang Merambah Salatiga

Nanging nganti sepasar, rong pasar lan telung pasar, ora ana kedadeyan apa-apa. Ora ana pethi apa karung kang isi emas.

“Nganti kesel olehku tapa, lha kok durung ana kedadeyan apa-apa?” gurune Teko celathu dhewekan karo rada anyel atine.

Wit Growong

Ora let suwe, gurune Teko nuli mlaku-mlaku ngubengi alas. Nalika lagi mlaku, weruh ana wit bendho gedhe banget. Wit kasebut growong amba.

Ing batin gurune Teko ngendika, “Mbok menawa ing jero growongan wit iki ana emas raja brana. Coba aku tak mlebu.”

New Normal di Solo Dimulai Juli 2020, Tunggu Kesiapan Sekolah

Gurune Teko nuli mlebu ing growongan wit bendho. Ing jero peteng ndhedhet lan ora isi apa-apa.

Lagi clilang-clileng, amarga peteng, dumadakan growonging wit bendho mau nutup dhewe. Nutup rapet. Swasanane dadi saya tambah peteng lelimengan.

Gurune Teko nuli bengok-bengok nyeluki muride, “Teko… Teko…Teko… Aku tulungana. Teko…Teko…Teko…!

Olehe bengok-bengok nganti gerok. Yen dirungokake suwarane kaya, “Tekek! Tekek! Tekek!”

Anak Balita di Grobogan Positif Covid-19 Tertular Dari Ibunya, Masyarakat Tak Boleh Abai

Asale saka sajroning uwit gedhe mau. Hem.. apa ya bener iku mula bukane tekek? Tekek iku kedadeyan saka gurune Teko? Iki mung dongeng. Tegese, dipaido keneng.

 

Dening: Winarno GN

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.