Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa

Ing dongeng wedus kurban wingi, wedhus kang jenenge Mumu wegah dibeleh senajan kanggo kurban. Dheweke bengok-bengok.

Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa Ilustrasi Dongeng Wedhus Kurban. (malukunews.co)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ing dongeng wedus kurban wingi, wedhus kang jenenge Mumu wegah dibeleh senajan kanggo kurban. Dheweke bengok-bengok.

“Aku wegah dibeleh..!!! Aku wegah dibeleh..!!! Aku wegah dibeleh..! Mbuh arep dinggo ngibadah, arep dinggo pesta, arep dinggo warung makan, aku tetep wegah dibeleh..!!” pambengoke Mumu kang dadi lakon ing dongeng wedhus kurban sansaya ora karuwan.

“Kowe ora kena kaya ngono kuwi,” ujare Pak Mondol, wedhus Jawa sing paling tuwa, ngandhani Si Mumu.

“Awake dhewe ki dadi kewan kurban. Kudune, kowe malah rumangsa bungah amarga bisa dadi ganjaran kanggo manungsa,” ujare Pak Mondol.

Kupatan Syawal di Rembang Ditiadakan Corona

“Janjane karepe para manungsa kuwi apa? Kewan-kewan padha dipateni. Awake dhewe iki lak padha-padha titahe Allah, nduweni hak urip sing padha. Ngapa ndadak dipateni barang? Manungsa kuwi jan nggragas tenan,” Mumu isih ora trima.

Pak Mondol mbaleni ngandhani Mumu. “Kowe kelingan apa ora critane Nabi Ismail kae? Ismail sing anake Nabi wae iklas dibeleh Bapake dhewe kanggo nindakake dhawuhe Allah. Lha kowe mung wedhus kok ora gelem dadi kurban kanggo Allah kang wus nitahake kowe.”

Sujarah Nabi Ibrahim

Pak Mondol isih mbacutke pituture. “Kowe kudune seneng. Kewan kurban kuwi kewan pilihan. Dipilih sing awake sehat, ora cacat, awake resik, daginge akeh lan ora lara-laranen. Amarga iwake awake dhewe mengko arep didum-dumke kanggo para manungsa pakir miskin lan kudu dibiyantu,” ujare Pak Mondol.

Sate Sapi Pak Kempleng Juaranya Kuliner di Ungaran

“Dadi, kowe kudu bungah lan bombong, amarga ora kabeh kewan dipilih dadi kewan kurban,” tuturePak Modol maneh.

Mumu meneng. Dheweke mikir lan dadi kelingan critane ibune babagan sujarah Nabi Ibrahim AS nalika didhawuhi Allah supaya mbeleh anake, Ismail AS. Nadyan anake dhewe, Ismail iklas dibeleh Bapake kanggo nindakake dhawuhe Gusti Allah.

Ana ing njero ati, Mumu mbenerake omongane Pak Mondol. “Ismail wae gelem dibeleh, lha ngapa aku ora? Mati dadi kewan kurban tegese matine kanggo ngibadah. Matine diridhai Allah amarga ditindakake kanthi niyat sing suci.”

Kudus Bersiap New Normal, Ini Bekalnya…

Mumu wiwit sadhar lan wis bisa ngendhaleni nepsune. Menawa dibeleh lan mati, dheweke ora mati amarga dipangan kewan galak nang alas. Utawa dipangan kanggo menu warung-warung makan. Dheweke dibeleh kanggo ngibadah. Ganjaran sing akeh wis dijanjekke Allah marang para manungsa sing bisa nindakake kurban. (Ana bacute)

 

Dening: Farid Achmadi

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.