Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

Ing dongeng Waleh bocah jujur sadurunge dicritakake Waleh dipaeka kancane kang atine ala. Abdi sing culika iku katon mesem kalegan.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh Ilustrasi Bocah Angon. (Facebook.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ing dongeng Waleh bocah jujur sadurunge dicritakake Waleh dipaeka kancane kang atine ala. Abdi sing culika iku katon mesem kalegan. Dheweke yakin sesuk mesthi Waleh bakal diukum dening Sang Nata. Saora-orane mesthi bakal ditundhung saka karaton.

Esuke, Waleh kelingan marang apa kang wis kedadeyan mau bengi. Dheweke rada kuwatir. Kepiye mengko yen didangu dening Sang Nata. Pikirane bingung, kepiye mengko anggone bakal wangsulan. Apa dheweke kudu goroh?

Waleh enggal sowan Sang Nata kanthi rangu-rangu. Sang Nata mesem marang Waleh. Atine Waleh rada lega. Sawise Waleh caos sembah, Sang nata nakoni Waleh.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

“Kepiye kahanane sapi-sapiku?” Pitakone Sang Nata.

“Sedaya saras lan lema-lema.” Wangsulane Waleh.

“Kepiye kahanane pedhet-pedhetku?”

“Sedaya saras lan lema saha ngremenaken.”

“Kepiye kahanane bantheng klangenanku?”

Waleh tumenga nyawang Sang Nata karo matur, “Bantheng penjenengan sampun tiwas, kala wau dalu kula piyambak ingkang mejahi.” Waleh banjur tumungkul.

RSUD Wongsonegoro Sebut Pemakaman Jenazah Covid-19 di Ngerangan Klaten Sudah Sesuai Prosedur

“Coba nyedhaka mrene. Saiki aku ngerti, yen kowe pancen bocah sing jujur. Ora gelem ngapusi babar pisan, sanadyan anggonmu jujur kuwi bisa ndadekake kowe cilaka. Satemene aku wis ngerti kabeh sing kedadeyan, prajurit sandi wis njlentrehake sakabehe marang aku, apa sing kedadeyan mau bengi.”

Antuk Ganjaran

“Ngertiya, aku kuwatir yen kowe banjur goroh marang aku. Nanging pranyata pandugaku kliru. Kowe wangsulan kanthi jujur. Kowe pantes dadi kaprecayanku. Kowe ora dakpidana. Kowe tetep kudu ana ing karaton kene dadi abdiku lan uga rowangku. Apa kowe saguh, Waleh?”

“Kula sagah, Sang Prabu. Nanging kula sedhih awit sampun mejahi bantheng klangenanipun Sang Prabu. Sejatosipun kula mesakaken dhateng bantheng punika.” Waleh wangsulan apa anane.

Pariwisata Karanganyar Siapkan Strategi Baru Terima Pengunjung, Seperti Ini…

“Ngertiya Waleh, bantheng klangenanku ora mati. Awit tabib juru usada kraton sing mligi njaga kuwarasane ingon-ingonku wis cekat-ceket nylametake banthengku.” Sang Nata ngandhani Waleh kanthi kebak kawicaksanan.

Waleh katon bingar pasuryane. Enggal wae matur nuwun marang Sang Nata. Sang Nata uga menehi ganjaran marang Waleh. Dene abdi sing culika nampa paukuman samesthine. Wiwit kedadeyan kuwi Waleh dadi luwih ngati-ati anggone tumindak. Sang Prabu sansaya nresnani Waleh.

Mengkono dongeng Waleh bocah jujur kang bisa dadi tuladha marang kita supaya tetep gondhelan marang kajujuran. Sapa jujur bakal mujur. Dene sapa salah mesthi seleh. (Cuthel)

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.