Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

Kabeh omongane ora tau goroh. Sanadyan amung ngapusi bab sing cilik-cilik, Waleh ora tau nindakake. Iki pambukane dongeng waleh bocah jujur.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara Ilustrasi Bocah Angon. (Facebook.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ing Desa Karanglor ana bocah sing jujur, jenenge Waleh. Waleh babar pisan ora tau ngapusi. Kabeh omongane ora tau goroh. Sanadyan amung ngapusi bab sing cilik-cilik, Waleh ora tau nindakake. Iki pambukane dongeng waleh bocah jujur.

Sawijining dina Sang Nata ing kutha negara mireng menawa ing Desa Karanglor ana bocah sing jujur. Sang Nata enggal dhawuh abdine supaya nggoleki bocah sing ora tau goroh kuwi mau.

“Kowe kudu takon tenan bab bocah jujur kuwi mau. Goleka katrangan saka tangga-tanggane, apa pancen bener-bener jujur. Yen pancen jujur tenan gawanen mrene, bakal dakdadekake abdiku,” ngendikane Sang Nata kang mireng dongeng Waleh bocah jujur iku.

Satlantas Polres Grobogan Ingatkan Masyarakat Patuhi Protokol Kesehatan

“Sendika dhawuh, Sang Prabu.” Abdi mau nyembah urmat.

Abdi mau seneng nglakoni dhawuhe Sang Nata mau, awit dheweke menyang Desa Karanglor numpak kreta sing bergas edi peni digeret jaran papat sing gagah-gagah. Kaya mangkono kuwi arang-arang banget kedadeyan.

Pamit Marang Wong Tuwa

Kreta mandheg ing pinggir desa. Banjur abdi mau takon marang sawijing warga desa, apa bener desa kono ana bocah jujur. Warga desa mau wangsulan menawa pancen bener ing Desa Karanglor ana bocah sing banget jujure, jenenge Waleh.

Truk Vs Truk di Ruas Tol Salatiga, Satu Korban Meninggal Dunia

Abdi kraton enggal ngener omahe Waleh. Tekan omahe Waleh abdi mau enggal mudhun saka kreta banjur uluk salam. Wong tuwane Waleh metu bebarengan, nembe Waleh nusul. Sawise omong-omongan sawetara, abdi mau kandha apa perlune.

“Waleh, aku diutus Sang Nata supaya nggenahake bab kabar sing dipireng Sang Nata, jare kowe ora nate ngapusi. Yen kabeh kuwi bener, kowe bakal dikersakake Sang Nata bakal didadekake abdine, lan saiki uga kowe kudu menyang kutha negara bebarengan karo aku. Apa kowe saguh, Waleh?”

“Inggih. Kula sagah.” Wangsulane Waleh cekak.

Masih Zona Merah, Grobogan Belum Bisa Terapkan New Normal

Wong tuwane Waleh trenyuh nyawang anake bakal ninggalake Desa Karanglor. Nanging uga mongkog awit Waleh dikersakake Sang Nata.

Waleh nyalami lan ngaras tangane wong tuwane sakloron, minangka pamitan. Banjur munggah ing kreta karaton, kang enggal nyemprang ngener kutha negara. Ora nganti setengah dina, kreta sing ditumpaki Waleh wis tekan karaton ing tengah kutha negara. (Ana Candhake)

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.