Dongeng Naga Baru Klinthing Sumimpen Ing Endahe Rawa Pening
Ing kaendahan alam Rawa Pening iku sejatine nyimpen crita lawas mula bukane Rawa Pening, yaiku dongeng Naga Baru Klinthing.
Semarangpos.com, UNGARAN — Rawa pening mujudake papan wisata kang nyuguhake kaendahan alam Ambarawa, Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Ing kaendahan alam iku sejatine nyimpen crita lawas mula bukane Rawa Pening, yaiku dongeng Naga Baru Klinthing.
Rawa Pening mapan ing Kabupaten Semarang. Rawa utawa telaga kang jembar iku mapan ing patang kecamatan sing ambane udakara 2.670 hektar. Rawa iku dadi rame sawise dibukak dadi papan wisata.
Sapa sing ngira menawa kaendahan Rawa Pening iku ngandhut dongeng kang turun-temurun. Dongeng naga Baru Klinthing. Kaya sing diimpun Semarangpos.com saka sawetara sumber, Senin (4/5/2020), dongeng utawa legendha iku kawiwitan anane sepasang wong kang bebojoan. Pasangan kuwi manggon ing Desa Ngasem ing antarane Gunung Merbabu lan Gunung Telamaya. Pasangan iku aran Ki Hajar lan Nyai Selakanta.
Dongeng Sedulur Lima, Aja Ngremehake Pakaryane Liyan
Dheweke sakeloron duwe sipat seneng tetulung. Nanging pasangan kuwi durung diparingi momongan. Sawijining dina, Ki Hajar tapa ing pereng Gunung Telamaya, nyenyuwun diparingi momongan kaya kang diidham-idhamake bojone.
Anak Naga
Tapa kang suwe iku ndadekake Nyai Selakanta kuwatir, kok sing lanang ora mulih-mulih. Wektu iku Nyai Selakanta krasa menawa dheweke ngandhut utawa meteng. Saya dina, wetenge Nyai Selakanta saya gedhe.
Nalika tiba wektune nglairake, Nyai Selakanta kaget lan ora precaya awit dheweke nglairake anak kang wujude naga. Naga iku banjur diwenehi jeneng Baru Klinthing.
Dongeng Sedulur Lima, Luwih Becik Gotong-Royong Manut Kaprigelane
Tembung baru ditegesi kanthi makna Brahmana utawa wong kang seneng mertapa. Klinthing tetese ya klinthing.
Amerga isin marang warga liyane, Nyai Selakanta ngopeni Baru Klinthing kanthi sesingidan. Nganti Baru Klinthing dhewasa. Naga iku bisa omongan kaya dene manungsa.
Sawijining wektu Baru Klinthing takon marang Biyunge sapa kang dadi Bapake. Nyai Selakanta crita menawa Bapake Baru Klinthing aran Ki Hajar kang lagi mertapa ing Gunung Telamaya. Baru Klinthing diakon nyusul Bapake.
Dongeng Enthit, Nadyan Ala Mrantasi Karya
Naga iku banjur mangkat nyusul Bapake ing pereng Gunung Telamaya, kanthi sangu tumbak pusakane bapakke. Nalika naga iku teka ing ngarepe Bapake lan crita menawa dhewekke anake Ki Hajar, Ki Hajar ora precaya.
Ki Hajar ora gelem ngaku naga Baru Klinthing iku anakke. Malah Ki Hajar ngakon Baru Klinthing nggubet Gunung Telamaya. Menawa sanggup bakal diakoni dadi anake Ki Hajar.
Kanthi kasektene, naga Baru Klinthing nggubet Gunung Telamaya lan bisa tepung gelang. Ki Hajar banjur ngakoni menawa Baru Klinthing iku anake. Banjur Ki Hajar mrentah naga kuwi tapa ing Gunung Tugur supaya bisa malih dadi manungsa.
Dongeng Memitrane Uler lan godhong, Gawe Trenyuh
Sawijining dina, ana warga ing Desa Pathok kang duwe gawe. Kanggo pesta, para warga mburu kewan ing alas kanggo suguhan. Nanging warga ora nemokake kewan siji-sijiya.
Warga nasak alas tumeka Gunung Tugur lan weruh naga Baru Klinthing kang lagi tapa. Warga seneng, banjur nyekel lan mbeleh naga Baru Klinthing, daginge kanggo pesta.
Banjir Gedhe
Nalika warga lagi pesta, dumadakan ana bocah lanang cilik kang awake kebak tatu. Bocah kang ing dongeng dianggep panjilmane naga Baru Klinthing kuwi njaluk pangan. Nanging warga malah nyia-nyia lan nundhung bocah kuwi.
Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Wegah Dibeleh
Bocah kuwi banjur lunga saka Desa Pathok. Banjur dheweke ketemu Mbok Randa kang aran Nyi Lantung. Randha iku kanthi gemati menehi pangan marang bocah jilmane Baru Klinthing kuwi. Bocah kuwi diopeni dening Mbok Randha.
Dina kuwi, Baru Klinthing kepingin males tumindake warga Desa Pathok kang siya-siya marang dheweke. Baru Klinthing pesen marang Mbok Randha, menawa ana suwara kemrosok kaya suwarane banyu gedhe Mbok Randha supaya age-age numpak lesung.
Dongeng Wedhus Kurban, Mumu Eklas Dibeleh Kanggo Ibadahe Manungsa
Baru Klinthing bali menyang papan pesta karo nggawa sada. Bocah kuwi banjur nancepake sada iku lan gawe sayembara. Sapa kang bisa njabut sada iku, Baru Klinthing bakal pasrah didadekake bature.
Warga padha nyoba njabut sada iku. Anehe senajan amung sada kang ditancepake ing lemah dening cah cilik, nanging ora ana kang kuwawa njabut. Sawise kabeh warga ora sanggup, Baru Klinthing akire njabut sada iku. Dumadakan mancur banyu saka bolongan tatune sada iku.
Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan
Banyu kuwi terus metu lan saya gedhe saengga banjir. Warga desa ora bisa nylametake awake. Kabeh padha klelep, kajoba Nyai Lantung kang numpak prahu lesung. Baru Klinthing banjur malih rupa dadi naga meneh. Dene banyu kang terus metu iku saya jembar tebane, lerap-lerap dadi rawa kang banjur disebut Rawa Pening.
Baca Juga
- Ada Menara Eiffel di Rawa Pening, Tak Perlu ke Paris Gaes
- Sambangi Saloka, Menparekraf Sandiaga Uno Saksikan Baru Klinthing Show
- Banjir Baru Klinting Wujudkan Rawa Pening
- Baru Klinting Lingkari Gunung demi Diakui Anak Pertapa
- Karma bagi Orang Jahat Jadi Asal-Usul Rawa Pening
- Dongeng Penyu Tetulung Rila Menehake Nyawa
- Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa
0 Komentar
Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.