Amarahe Kucing Marang Tikus Turun-Tumurun Tekan Seprene

Rasa gela bab pangan wae bisa dadi padudon lan amarah. Kaya amarahe Kucing marang Tikus kang kobar turun-tumurun.

Amarahe Kucing Marang Tikus Turun-Tumurun Tekan Seprene Ilustrasi tikus lan kucing. (publicdomainvectors.org)

Semarangpos.com, SEMARANG — Paseduluran kang raket bisa dadi congkrah lan nuwuhake amarah merga bab kang sepele. Rasa gela bab pangan wae bisa dadi padudon lan amarah. Kaya amarahe Kucing marang Tikus.

Tikus lan Kucing kang golek pangan entuk wader siji. Nanging Wader iku ora bakal gawe wareg menawa kudu didum loro.

“Sik sik. Tinimbang nylilit. Wader semono yen kanggo aku dhewe ya wus maregi. Kanggo awakmu mesthi ya bisa dadi tamba luwe. Nanging yen dipara loro, padha karo alias sami mawon. Rasane mung nylilit, dene weteng luwe sakesuk mau durung sida ketamban”. Tikus njlentrehake dhawa-dhawa.

Bupati Grobogan Serahkan Beras dan Uang untuk Petugas Damkar

“Hmmm…iya aku mudheng karepmu. Lha terus penake piye?”.

“Anu wae, saiki golek wader siji maneh,” usule Tikus.

“Ya wis, ayo”. Kucing banjur nuju gisiking kali maneh lan ndhelik ing suwalike wit manthang.

Tikus ya melu ngancani ing sandhinge. Rada sauntara wektu nginceng ilining banyu kali, Kucing lan Tikus ora weruh ana wader siji-sijiya kang mumbul. Ndilalah wae gerimise ya wus mandheg.

Wadere Ucul

Ora let suwe, kewan loro iku dikagetake swara barang kang nyemplung ing banyu. Nalika ditoleh ing asale swara, jebul wader sing maune wus kecawuk bisa nyemplung maneh ing kali. Embuh kepriye larah-larahe, ngerti-ngerti wus nyemplung banyu dhewe.

Mas Black yang Tantang Disuntik Virus Corona ke Polresta Banyumas, Bingung Dihubungi Banyak Orang

“Hahahaha…sokur. Salahe padha lena. Padhaknen aku ya ora bisa nglimpekne kowe!,” Wader ngece Kucing lan Tikus kang cara mandenge setengah ora precaya. Kabeh isih nggumun lan bingung nggagas wader kang arep kanggo sarapan mau, saiki bisa nyemplung kali maneh. Angen-angene sarapan iwak wader saiki genah muspra.

“Gara-gara kowe Kus. Saiki awake dhewe ora sida mangan wader!”. Kucing nyalahake Tikus.

“Ya ora. Aku mau lak mung usul. Genahe salahmu, amarga wadere ora mbok jaga kanthi bener”.

“Lhoh malah nyalahke aku? Lha gaweyanmu dhewe apa, mung nginthil aku terus, ora bisa golek pangan dhewe. Bisane amung njagakke aku!”, semaure Kucing nylekit.

Duh, Bayi Umur 2 Tahun di Salatiga Positif Covid-19

Atine Tikus dadi panas lan goreh sanalika. Mripate dadi peteng kalingan hawa lan ngerti-ngerti Tikus mlayu nubruk Kucing sakkemenge, nganti kejegur kali. Kucing sing ora kulina kena banyu dadi glagepen. Tangane ngranggeh-ngranggeh njaluk pitulungan. Dene Tikus malah ngguyu lakak-lakak weruh nasibe kancane.

“Ciitt….cittt…ben kapok!,” ujare Tikus.

“Titenana Kus, yen aku bisa minggir, kowe bakal tak uber. Tak gawe uripmu ora tenang. Yen kecekel, bakal tak brakot awakmu,” amarahe Kucing ngobong atine.

Tantang Disuntik Virus Corona di Medsos, Pria Banyumas Didatangi Polisi

Tenan. Wusanane Kucing bisa mentas saka kali, banjur nggacar Tikus sakemenge. Tikus dhewe ngrumangsani awake luwih cilik lan ora bisa nandhingi Kucing, banjur mlayu mblirit karo bengok-bengok. Ciiitttttt….cittttt…..

Rasa anyele Kucing marang Tikus kang wus tega nyilakani kagawa nganti anak turune Kucing nganti saiki. Sanajan uripe wus ora ana ing alas, angger weruh tikus, rasane ati isih anyel. Mula rasane mung kepengin ngoyak Tikus terus nganti sakecekele. (Cuthel)

 

Dening: Dina Sri Pratiwi

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.