Dongeng Sedulur Lima, Aja Ngremehake Pakaryane Liyan

Srengenge mesem endah, ditanggapi dening bun kang wening, satemah cahyane pecah dadi manekawarna, gawe resep kang nyawang. Iki mulane dongeng sedulur lima.

Dongeng Sedulur Lima, Aja Ngremehake Pakaryane Liyan Ilustrasi dongeng sedulur lima. (Artmajeur.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Wengi dipungkasi tekane esuk. Esuk kuwi kaya padatan, kebak pangarep-arep. Srengenge mesem endah, ditanggapi dening bun kang wening, satemah cahyane pecah dadi manekawarna, gawe resep kang nyawang. Iki mulane dongeng sedulur lima.

Ana ing pinggir alas, ana saweneh omah kang dipanggoni dening sedulur cacah lima. Wong lima sing isih kalebu kanoman kuwi rukun, ora tau congkrah. Kanoman lima kuwi jenenge Punta, Brata, Jana, Jiwa, lan Ragil. Dongeng sedulur lima muga bisa dadi tuladha.

Esuk kuwi sadurunge mangkat nyambut gawe lan sawise reresik awak, kabeh padha sarapan bareng-bareng. Katon gumyak lan kadhangkala karo gegojegan.

26 Orang Positif Covid-19 di Pasar Kobong Semarang, Ganjar Perintahkan Mal & Pasar Ditutup

Rampung sarapan banjur padha mangkat menyang papane nyambut gawe. Ora lali padha nggawa sangune dhewe-dhewe sing wis dicawisake dening Jimo, si ragil saka sedulur lima kuwi mau.

Ngurusi Omah

Ragil ora melu nyambut gawe, dheweke bageyan ngurusi omah lan nyawisake panganan kanggo sedulur-sedulure.

“Aku dakmangkat dhisik, ngati-ati anggonmu jaga omah.” Punta pamitan marang adhine, semono uga sedulur liyane uga pamitan.

“Iya. Muga-muga sampeyan kabeh slamet tanpa antuk alangan sawiji apa, lan gangsar anggon sampeyan padha nyambut gawe.” Dongane Ragil rinasa tulus.

Bupati Karanganyar Minta Perbedaan Pendapat dengan Gubernur Soal Salat Id Tak Dipertentangkan

Tekan papan anggone padha nyambut gawe, sedulur cacah papat kuwi wiwit sengkut. Pagaweyane yakuwi buruh golek watu putih. Mula butuh tenaga sing rosa lan awak sing waras, awit pagaweyane pancen abot banget.

Sing sepisan milih watu, banjur digarit, sawise kuwi dibabah nganggo dhandhang alon-alon amrih ora tugel. Babahan rampung nembe dipacal uga kanthi ngati-ati. Nembe digraji, uga kanthi alon-alon lan kebak pangati-ati.

Nalika wis dadi wujud balok, watu-watu kuwi nembe dientha nurut sing pesen. Ana sing wujud balok, ana sing pesen wujud jobin, lan liya-liyane.

Bupati Grobogan Serahkan Beras dan Uang untuk Petugas Damkar

Pakaryan kaya mangkono kuwi wis dilakoni mataun-taun. Sanadyan katone rekasa nanging amarga dilakoni kanthi senenge ati, mula dadi krasa kepenak.

Nanging kadhangkala kahanan kuwi bisa owah. Kaya sing dumadi sawijining awan. Akeh banget pesenan sing kudu enggal digarap kamangka tenagane kurang.

Muring-Muring

Kabeh buruh rumangsa sayah lan lungkrah. Malah ana sing wiwit muring-muring. Kalebu kanoman papat sasedulur kuwi uga kadhangkala melu muring-muring. Nalika padha ngaso, banjur rembugan ngenani kahanan kuwi.

“Wah…, sangsaya suwe kok nyambut gawe malah saya rekasa. Prasasat aku wis kentekan tenaga.” Panggresahe Punta.

Mas Black yang Tantang Disuntik Virus Corona ke Polresta Banyumas, Bingung Dihubungi Banyak Orang

“Iya.. Kamangka pesenan isih akeh.” Brata uga nyambung omongan.

“Yen mangkene iki aku dadi kelingan karo Ragil. Dheweke mung enak-kepenak ana ngomah. Empuk eyub, ora kepanasen lan lungkrah kaya awake dhewe iki. Kamangka asile nyambut gawe uga dipangan bareng-bareng, kalebu dheweke.” Jana kelingan adhine sing ana ngomah.

“Bener. Becike Jana uga dikon nyambut gawe bareng awake dhewe iki, dimen ngerti rekasane wong nyambut gawe!” Jiwa melu urun rembug.

Sedulur cacah papat kuwi sarujuk. Wiwit sesuk esuk, Ragil kudu melu nyambut gawe karo sedulur cacah papat kuwi. (Ana bacute)

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.