Jaman Biyen, Tikus lan Kucing Rukun Raket Paseduluran

Jaman biyen Tikus lan Kucing iku uripe ing tengah alas, bareng karo kewan liyane. Saliyane akur, Tikus lan Kucing uga ajeg rukun.

Jaman Biyen, Tikus lan Kucing Rukun Raket Paseduluran Ilustrasi tikus lan kucing. (publicdomainvectors.org)

Semarangpos.com, SEMARANG — Jaman biyen Tikus lan Kucing iku uripe ing tengah alas, bareng karo kewan liyane. Saliyane akur, Tikus lan Kucing uga ajeg rukun. Saben ana Tikus, mesthi uga ana Kucing ing sandhinge. Embuh kuwi nalika mlaku-mlaku wayah sore, turu, utawa golek pangan.

Rakete tali paseduluran antarane Tikus lan Kucing ing jaman biyen kadhang kala marai kewan liyane meri. Nanging gara-gara prakara sepele, anggone kekancan malih dadi mungsuhan, selawase.

Critane, sawijining dina Tikus lan Kucing lagi golek pangan ing pinggiring kali. Pancen, dina kuwi kewan loro iku arep golek iwak wader kanggo sarapan. Angger mangsa ketiga kaya ngene iki, iwak wader kerep mumbul ngethokake awake ing dhuwur banyu.

Bupati Grobogan Serahkan Beras dan Uang untuk Petugas Damkar

“Mengko yen wadere wis ketok, kari ngenteni lenane wae. Angger lena tekan pinggir kali, mengko wadere kari dicawuk saka banyu,” ujare Tikus marahi Kucing.

“Iya..gampang. Saiki wis tekan pinggiring kali. Ayo awake dhewe golek nggon kanggo ndhelik, nginceng wader,” saure Kucing sinambi mlaku tlemek-tlemek tanpa swara, nuju ing sacedhake wit manthang. Tikus ngetutake lakune ing mburi.

Ssstttt..galo kae sawangen. Wadere wis mumbul, sajake atine lagi seneng amarga antuk kanugrahan saka Gusti arupa udan gerimis,” Kucing mbisiki Tikus. Kewan loro kuwi banjur nginceng lakune wader kang sansaya minggir tekan gisiking kali.

Mas Black yang Tantang Disuntik Virus Corona ke Polresta Banyumas, Bingung Dihubungi Banyak Orang

Nalika wus cedhak wit manthang kang dadi papan pandhelikane Kucing lan Tikus, tangane Kucing banjur nyawuk banyu kang diliwati wader. Wader dhewe ora ngira bakal ana lelakon kaya ngono kuwi. Awake kecawuk lan mencelat tekan lemah.

Wader Pasrah

“Klepek-klepek”. Swara awake wader mumbul-mumbul lan tiba ing dhuwur lemah. Sansaya suwe awake lemes, cangkeme kari mangap-mangap golek ambegan. Nanging sing dibutuhake dudu angin. Wader butuh banyu kanggo mbacutake uripe.

“Hehehe…awake dhewe bisa sarapan iki Cing,” jarene Tikus nalika ngadhep wader sing saiki wus katon pasrah kuwi.

Duh, Bayi Umur 2 Tahun di Salatiga Positif Covid-19

“Ya genah. Ayo, saiki dipangan,” Kucing banjur nyathek sirahe wader. Nanging durung nganti tekan karepe, Tikus wus nyegah sinambi mbengok.

“Mengko dhisik Cing!!”.

“Lhah..ana apa?”.

“Mengko dhisik. Saiki disawang sik. Wadere kuwi amung sauprit ngono. Gek awake dhewe apa wareg?”.

“Hmmm….iya ya. Lha piye maneh. Entuke amung semono”.

Petani Sragen Ramai-Ramai Bongkar Jebakan Tikus Berlistrik, Takut Ancaman Pidana?

“Sik sik. Tinimbang nylilit. Wader semono yen kanggo aku dhewe ya wus maregi. Kanggo awakmu mesthi ya bisa dadi tamba luwe. Nanging yen dipara loro, padha karo alias sami mawon. Rasane mung nylilit, dene weteng luwe sakesuk mau durung sida ketamban”. Tikus njlentrehake dhawa-dhawa.

“Hmmm…iya aku mudheng karepmu. Lha terus penake piye?”.

“Anu wae, saiki golek wader siji maneh,” usule Tikus.

“Ya wis, ayo”. Kucing banjur nuju gisiking kali maneh lan ndhelik ing suwalike wit manthang. (Ana candhake)

 

Dening: Dina Sri Pratiwi

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.