Dongeng Enthit, Nadyan Ala Mrantasi Karya

Dongeng Enthit iki kadadeyan ing tlatah Jenggala. Jaman semana, ing Jawa wetan katelah ana keraton jeneng Jenggala.

Dongeng Enthit, Nadyan Ala Mrantasi Karya Ilustrasi Dongeng Enthit. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG – Dongeng Enthit iki kadadeyan ing tlatah Jenggala. Jaman semana, ing Jawa wetan katelah ana keraton jeneng Jenggala. Rajane peparab Prabu Amiluhur.

Sang raja duwe putra loro lanang kabeh, sing mbarep aran Panji Asmoro Bangun lan adhine aran Panji Gunung Sari.

Panji Asmoro Bangun duwe garwa aran Galuh Condro Kirono, dene Panji Gunung Sari dipacangake karo Dewi Ragil Kuning.

Ing sawijining wektu Galuh Condro Kirono lara. Larane amarga kangen karo bojone, Asmoro Bangun kang ora dimangerteni menyang ngendi lungane. Saya dina larane saya nemen.

Hampir Empat Bulan, Pengemudi Travel di Solo Tak Punya Pendapatan

Mula sang raja dhawuh marang putrane sijine supaya nggoleki kangmase dikantheni rewange aran Bancak lan Doyok. Malah ora mung kuwi, Ragil Kuning liya dina uga nggoleki ilange Asmara Bangun marga trenyuh nyawang mbakyune sing saya dina saya kuru.

Awake sasat kari balung lan kulit, praupane aclum kisut. Ing mangka kondhange, Condro Kirono ayune tanpa tandhing, kawentar sak Keraton Jenggala.

Pawongan Nyalawadi

Ing seje papane tunggal caritane dongeng Enthit. Adoh saka kutha raja Jenggala, aran Desa Banjarsari ana pawongan bebrayan. Najan wis matahun-tahun bebojoan nanging durung duwe putra.

Perjuangan Lelaki Ini Luar Biasa, Demi Pulang ke Solo Nekat Jalan Kaki dari Jakarta, Ini Kisahnya…  

Nalika lagi rembugan dumadakan ditekani pawongan kang ala rupane, irunge gruwung lan kulite ireng bekisak. Nganti wong wadon bojone sing duwe omah mau keweden, amarga pawongan nyalawadi kuwi memper dhemit utawa setan. Praupane ora memper menungsa. Suwarane bindheng, pawongan mau ditakoni jenenge Enthit.

Enthit jebul duwe niat becik, arep ngrewangi nyambut gawe apa wae sing diprentahake, bakune nyambut gawe.

Ringkese crita ditampa. Anggone nyambut gawe pethel banget, sarwa mrantasi gawean sing ditandangi. Mula Enthit bajur dipek anak angkat.

Hasil Rapid Test Pekerja Migran di Semarang, Satu Orang Dinyatakan Reaktif Covid-19

Sakwise Enthit dipek anak angkat, asile tetanen dadi akeh, tandurane palawija kayata puhung, tela, jagung, garut sarta janganan bayem, terong, lombok lan liya-liyane dadi ijo royo-royo, wohe gedhe-gedhe nyenengke sing nandur.

Wis Mbobot

Malah sing luwih nyenengake maneh, simboke angkat malah wis mbobot utawa meteng. Senenge ora mekakat, rumangsa entuk kanugrahan saka Kang Maha Kuwasa, sakwise ngangkat Enthit dadi anake.

Kajaba saka kuwi, ing Desa Banjarsari kondhang kahanan kang ora aman. Akeh brandal kecu, wong adu jago, main dhadhu, seneng ndem-ndeman, pokoke akeh rerusuh sing ora gawe aman.

Risiko Tinggi Penyebaran Covid-19, Pasar Tradisional di Solo Disasar Rapid Test

Ing kana Enthit dadi kondang, marga mrantasi gawe yen ana kekisruhan. Akeh wong padha nggumun, kamangka atase wong ala rupane gruwung irunge, kulite ireng mbekisak, nggilani kathik duwe kepinteran olah kanuragan.

“Eng be-nel, kuhu ahni. Ong alah ahal eleh,” omonge Enthit sing ora cetha keprungu, sing tegese kira-kira mengkene: “Yen bener kudu wani, wong salah bakal seleh.” Krungu kandhane Enthit, wong-wong sing krungu padha manthuk-manthuk mbenerake omongane Enthit.

 

Dening: Pakdhe Her

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.