Dongeng Memitrane Uler lan godhong, Gawe Trenyuh

Sawijining esuk kang endah mbuka dongeng memitrane uler lan godhong. Dongeng memitran kang prasaja kebak welas asih.

Dongeng Memitrane Uler lan godhong, Gawe Trenyuh Ilustrasi Uler lan Godhong. (pngdownload.id)

Semarangpos.com, Semarang — Sawijining esuk kang endah mbuka dongeng memitrane uler lan godhong. Dongeng memitrane kang prasaja kebak welas asih temahan nemu kabagyan.

Gegodhongan jejogedan katiyup angin. Bun esuk mesem pamer weninge. Dheweke mantulake sorot srengenge, satemah nuwuhake gradasi werna abang, jingga, kuning, ijo, biru, nila lan wungu.

Peksi-peksi padha ngidung, ngiring lakune pedhut kang lamat-lamat.

Pemkot Solo Tutup Zona Oprokan Pasar Klithikan Notoharjo, Apa yang Terjadi?

Uler katon gupuh ing ndhuwur godhong. Dheweke nyoba njaga awake supaya ora tiba, awit kadhangkala godhong kang dipanciki manggut-manggut katiyup angin.

“Sugeng enjing,” Uler sapa aruh marang godhong, sanadyan karo krenggosan.

“Sugeng enjing uga,” Godhong semaur kanthi semanak.

“Esuk kang endah, kowe katon seger sumringah,” Uler ngalem kahanane godhong.

“Iya. Banjur kowe saka ngendi, lan arep menyang ngendi paranmu?” Pitakone godhong.

KLB di Stasiun Tawang Tolak 26 Penumpang, KAI Berlakukan Ganjil-Genap

Uler katon mikir. Katone kangelan anggone arep wangsulan. Nanging pungkasane uga kandha alon. “Satemene… aku nembe mikir. Blaka wae, aku arep njaluk sawijining bab marang kowe…”

“Upama aku bisa nulung kowe, aku bakal nglakoni kanthi senenge atiku. Nanging masalahe aku ora bisa uwal saka wit iki, mula saka kuwi aku ora bisa melu nggolekake pangan kowe,” kandhane godhong.

“Apa kowe ora ngerti kalamun kowe duwe sandhangan rupane ijo sing merak ati…?” Uler wiwit mancing godhong.

Kasus Positif Covid-19 Karanganyar Tambah Tiga dari Klaster Gowa

Godhong rumangsa mongkog awit pangalembana kuwi mau, dheweke banjur obah kesenengen. Sabanjure keprungu tembunge uler maneh, “Upama aku bisa entuk nyuwil sithik wae saka sandhanganmu sing endah kuwi…”

Kawitane godhong rumangsa ora yakin marang apa sing dirungu mau bener-bener kasunyatan. Nalika godhong nyawang mripate uler, godhong nembe ngerti kalamun apa sing dirungu kuwi bener-bener kasunyatan.

Secuwil Raga

Godhong unjal napas landhung lan mikir, “Uler iki luwe lan kesel. Nanging apa aku kudu menehake sacuwil sandhanganku sing uga ragaku iki?”

Pancen dudu keputusan sing gampang. Nanging godhong banjur mikir, upama kandha “aja” utawa “ora entuk”, mesthi uler kuwi bakal nekad mangan godhong, awit uler pancen keluwen. Lan godhong ora bisa selak utawa ora bisa tumindak apa-apa.

Mendengar Ancaman Ketua DPC PDIP Sri Mulyani, Begini Reaksi Harjanto

Nanging upama godhong kandha “ya”, bab kuwi bakal nulung uler kuwi lan rasa panuwun saka si uler bakal nuwuhake kesenengan lan kabagyan tumrap loro-lorone. Si uler rumangsa seneng lan matur nuwun awit wis ora luwe maneh, dene godhong bakal rumangsa marem bisa nulungi si uler.

Godhong uga mikir, kalamun dheweke tetep bisa panggah urip kanthi sandhangan lan raga sing bolong jalaran dicuwil dening uler kanggo dipangan.

Pungkasane, godhong menehake saprangan saka sandhangane marang uler. Nyatane uler pancen amung mangan sethithik banget. Lan sabanjure mapan ing cedhak godhong kuwi karo omong-omongan gayeng kanthi rasa atur panuwun sing tulus marang godhong kuwi.

Terdampak Covid-19, 200 Mahasiswa Undip Peroleh Keringanan Biaya Kuliah

Wektu lumaku ajeg, nganti tekan titimangsane si uler kudu tapa brata nutupi kabeh indrane. Uler tapa gumantung ana ing pange godhong kuwi. Wujude uler sithik-sithik owah, beda karo wujude sekawit. Awake diwungkus sawijining kulit kang rosa.

Dadi Enthung

Padatan ing kahanan kaya mangkono mau uler kuwi wis disebut enthung. Nganti sawetara wektu. Godhong ajeg ana ing papane, kaya-kaya setya nunggoni si uler kang nembe tapa brata.

Wancine wis sumandhing, wektune wis ketekan. Uler anggone tapa brata wis rampung. Sithik-sithik enthung pecah, kawitane ana bolongan cilik, suwe-suwe kulite si enthung sigar amba. Banjur metu sawijining wewujudan sing bisa mabur. Wujude gagah lan endah banget. Swiwine amba, wernane neka-neka. Kewan kuwi diarani kupu.

Tantang Sri Mulyani dalam Pilkada Klaten, Harjanto akan Didepak dari PDIP

Godhong nyawang kanthi gumun, dheweke mesem karenan, pranyata kancane dadi wewujudan sing merak ati. Kupu kuwi uga mesem marang godhong.

“Matur nuwun ya, godhong. Tanpa pitulunganmu mbokmenawa aku ora bisa dadi kaya mangkene.” Pangucape kupu sing biyen wujud uler kuwi.

“Iya. Padha-padha,” Godhong semuar kanthi semanak.

Kupu banjur kandha marang godhong yen dheweke kudu golek pangan adoh, sarana ngisep sari-sarining kembang.

Proses Produksi Gula PG Tasikmadu Karanganyar Segera Mulai, Dari Mana Tebu Diambil?

Godhong sing bolong kuwi mesem lan ngiyani kekarepane kupu sing biyen wujud uler kuwi. Kupu banjur mabur adoh, saprelu golek pangan. Godhong bisa nyawang kaendahan saka urip sing piguna lan kebak kabagyan.

Bareng lakune wektu, godhong kuwi dadi kuning lan rontok, banjur jejogedan ngarah menyang lemah, dadi rabuk sing migunani kanggo kesuburan.

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.