Prasetyaning Bulus Njaga Tlaga Tumekaning Pati

Bulus Lanang lan Bulus Wadon rembugan bab kahanan telaga kang banyune saya asat awit ketiga dawa. Prasetyaning Bulus bakal njaga tlaga nganti tumeka pati.

Prasetyaning Bulus Njaga Tlaga Tumekaning Pati Ilustrasi bulus lan bango (Gadogadozaman.com)

Semarangpos.com, Semarang — Ing sawijining awan, ing pinggiring Tlaga Kumudawati Bulus Lanang lan Bulus Wadon pada wawan rembugan bab kahanan telaga kang banyune saya asat awit ketiga dawa. Prasetyaning Bulus bakal njaga tlaga nganti tumeka pati.

“Pakne! Kahanan kok panas banget. Iki piye?”

“Iya Bune. Wis sawatara wektu iku srengenge tansah katon mencorong padhang jingglang. Ora tau kalingan mega.”

“Lha yen ngene terus, piye bakale nasibe awake dhewe Pakne. Kamangka saya suwe banyu sing ana tlaga kene sansaya asat. Adhuh piye iki?!”

Ketua PCNU Solo Ajak Masyarakat Salat Idulfitri di Rumah

Mangkana gunemane Bulus Lanang lan Wadon ing pinggiring Tlaga Kumudawati. Kewan sajodho kuwi sambat marang kahanan mangsa katiga sing ora rampung-rampung.

Kocapa, Tlaga Kumudawati iku sawijining tlaga kang ana sangisore Gunung Himawan ing tlatah Nagara Kartaraharja. Talaga kang endah edi peni.

Manut apa kang tau dikandhakake dening wong tuwane, kulawargane Bulus iku wis manggon ana kono awit jaman kawitan tlaga iku ana. Malah kapara biyen kulawarga bulus iku dadi warga pisanan ing tlaga iku.

Mulane ora aneh yen kabeh sato kewan sing arep manggon ana kono kudu njaluk idi palilah sik marang Pak Bulus lan Bu Bulus. Dadi pancen saka simbah buyute biyen, Pak Bulus karo Bu Bulus iku sing mbaureksa ana Tlaga Kumudawati.

Data Pasien Covid-19 Jateng dari Klaster Ijtima Gowa Diungkap, Ini Jumlahnya…

Kahanan Tlaga Kumudawati wis ora kaya rikala sadurunge mangsa katiga tumurun. Saiki swasana sing adhem ayem tentrem gumanti karo swasana sing panas ngemplak-emplak.

Kembang trate sing biyen ngrembuyung saiki padha alum. Kembang-kembange padha garing, gogrog dhewe-dhewe.

Kewan-kewan uga padha pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Padha arep pindhah menyang papan liya sing sekirane bisa nguripi awake dhewe.

“Pak Bulus. Keparenga kula kalihan semah kula pindhah dhateng papan sanes. Kula sampun boten kiyat wonten Tlaga Kumudawati ngriki.” clathune Kodhok Lanang marang Pak Bulus.

Bermodus COD di Solo, Penjahat Todong Penjual dan Rampas Handphone

Siji mbaka siji kabeh kewan sing ana tlaga iku pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Suwe-suwe sing ana telaga Kumudawati iku saiki mung kari Bulus loro thok.

“Piye Pakne?” pitakone Bu Bulus kanthi luh sing kumembeng ana mripate.

Tanggung Jawab

“Arep piye maneh Bune. Awake dhewe kuwi wis dipasrahi karo para leluhur supaya ngreksa papan iki. Dadi tanggung jawab iki kudu dilakoni.”

“Lha yen awake dhewe banjur mati priye Pakne?”

“Tegese kuwi wis dadi pesthine awake dhewe,” prasetyaning Bulus Lanang.

“Huuuu…” pambengoke Bu Bulus.

Bambang Kribo Tak Sepakat PSBB Diterapkan Seluruh Jawa Tengah

Tangise Bu Bulus sansaya ndadi. Saya banter, nganti kaprungu teka awang-awang. Njalari Pak Bango lan Bu Bango sing lagi mabur ana dhuwure Tlaga Kumudawati, mudhun kanggo mangerteni seleh prekarane.

Bango loro kuwi mudhun menyang Tlaga Kumudhawati sing wis asat.

“Kula nuwun Pak Bulus.”

“E e e.. Wonten tamu ta. Mangga-mangga Pak Bango. Wonten wigati punapa punika? Ssst! Bu-ne menenga! Gilo ana tamu.”

Bu Bulus banjur meneng. Nanging sisa tangise isih katon. Kaya kasigeg ana ing gulune.

Covid-19 Belum Reda, Mal di Soloraya Dipadati Pengunjung

“Sejatosipun punapa ta perkawis ingkang sinandhang?”

“Punika semah kula nembe sumelang nyumerepi kahanan Tlaga Kumudawati ngriki.”

“Lho, sumelang kados pundi ta?”

“Tlaga Kumudawati toyanipun asat. Kamangka sampun jamakipun menawi sato awarni Bulus kados kula lan semah kula punika mbetahaken toya ingkang kathah supados saged gesang.”

Gibran Rakabuming Dapat Sinyal Baik Rekomendasi PDIP untuk Cawali Solo, Apakah Sinyal Itu?

“Mekaten Pak Bulus. Mungguhipun pamanggih kula inggih panjenengan kekalih kedah pindhah saking papan punika. Jalaran awit sedayanipun sampun boten prayogi malih kagem nglajengaken pagesangan. Panjenengan kekalih mangga kula dherekaken tumuju ing Tlaga Manasasara,” ujare Bango.

 

Dening: Muh Taufiq

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.