Dongeng Sedulur Lima, Luwih Becik Gotong-Royong Manut Kaprigelane

Iki bacute dongeng sedulur lima. Nindakake pakaryan pancen kadhang kala nuwuhake rasa kesel lan bosen. Nanging aja banjur ngremehake pakaryane liyan.

Dongeng Sedulur Lima, Luwih Becik Gotong-Royong Manut Kaprigelane Ilustrasi dongeng sedulur lima. (Artmajeur.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Iki bacute dongeng sedulur lima. Nindakake pakaryan pancen kadhang kala nuwuhake rasa kesel lan bosen. Nanging aja banjur ngremehake pakaryane liyan, nganggep pakaryane liyan mung gampang utawa entheng.

Saka dongeng sedulur lima, sing papat padha meri marang pakaryane Si Ragil kang resik-resik omah lan nyawisake pangan. Sedulur papat sarujuk Si Ragil kudu melu nyambut gawe abot kaya sedulure papat.

Wengine, kabeh krenteg kuwi mau dikandhakake marang Ragil. Ragil ora nulak, dheweke ayem wae, katon banget menawa ora kabotan.

26 Orang Positif Covid-19 di Pasar Kobong Semarang, Ganjar Perintahkan Mal & Pasar Ditutup

Dina kuwi Ragil wis melu nyambut gawe. Dheweke isih kober gawe sarapan lan sangu awan kanggo sedulur-sedulure. Banjur padha budhal nyambut gawe bebarengan.

Sorene, nalika padha bali mulih, tekan ngomah, Ragil uga isih bisa lan kober gawe panganan. Nanging kuwi ora lumaku suwe, awit Ragil suwe-suwe ngrasakake awake kesel lan lungkrah.

Dadi Kangelan

Mula pagaweyan gawe panganan lan resik-resik omah dadi nglenthar, ora ana sing nandangi. Saben esuk kudu gawe panganan dhewe-dhewe, semono uga sangu kanggo mangan awan.

Bupati Karanganyar Minta Perbedaan Pendapat dengan Gubernur Soal Salat Id Tak Dipertentangkan

Sawise bali nyambut gawe uga kudu ndadak padha resik-resik lan gawe panganan. Kamangka saka sedulur cacah lima kuwi sing trampil pagaweyan ngomah iya amung Ragil. Liyane padha kangelan nandangi kabeh pegaweyan kuwi.

Sawetara dina wis lumaku. Kahanane sedulur cacah lima kuwi sangsaya ora kepenak. Mula sawijining wengi banjur padha rembugan maneh. Sing dirembug bab pegaweyan ngomah lan nyawisake panganan. Pagaweyan kuwi sasuwene Ragil diajak nyambut gawe, ora ana sing nandangi.

“Luwih becik sing ngurusi omah lan gawe panganan digilir wae. Sesuk esuk aku, dina teruse, Brata lan sateruse. Kepiye yen mangkono?” Panemune Punta. Kabeh sarujuk.

Bupati Grobogan Serahkan Beras dan Uang untuk Petugas Damkar

Nanging sawise dilakoni, panggah wae ora krasa kepenak, awit saliyane Ragil, sedulur cacah lima kuwi ora trampil.

Kadhangkala segane gosong utawa sangit. Malah kerep segane isih nglethis utawa durung mateng. Lawuhe malah kerep kakehan uyah, njalari kasinen. Ubarampe ngomah malah uga akeh kang pecah lan rusak. Kahanan omah dadi ora tumata.

Amarga kahanan kuwi, banjur padha rembugan maneh. Pungkasane kabeh sarujuk menawa gaweyan ngomah dipasrahake marang Ragil maneh. Kakang-kakange Ragil ngrasake ribed nalika Ragil diajak melu nyambut gawe. Pagaweyan ora sangsaya entheng malah sangsaya rekasa.

Mas Black yang Tantang Disuntik Virus Corona ke Polresta Banyumas, Bingung Dihubungi Banyak Orang

Iya pancen bener. Padatan tangi turu sarapan wis cumawis, sangu wis kari nggawa. Mulih saka nyambut gawe kahanan omah wis resik lan tumata. Panganan uga wis cumawis. Sing padha nyambut gawe amung kari ngaso, ora mikir ngresiki omah lan gawe panganan.

Bali Dadi Kepenak

Nanging nalika sedulur papat rumangsa meri marang Ragil sing rumangsane enak-kepenak ana ngomah, lan sabanjure uga dikongkon nyambut gawe, kahanan malah dadi ribed. Awit ora ana sing nyawisake kebutuhane kang padha nyambut gawe.

“Ragil…, aku lan kakangmu Brata, Jana lan Jiwa, njaluk pangapura awit saka anggonku meri, jalaran aku lan kakang-kakangmu nganggep kowe amung enak-kepenak ana ngomah. Saiki dakjaluk kowe bali kaya biyen, nandangi pagaweyan ngomah, dimen aku lan kakang-kakangmu wae sing nyambut gawe.” Punta njlentrehake karepe.

Duh, Bayi Umur 2 Tahun di Salatiga Positif Covid-19

“”Iya…, aku manut wae kepiye karepe kakang-kakangku kabeh.” Ragil pancen nom-noman sing nrima, mula kabeh ditampa kanthi kepenak.

Ragil mbaleni gaweyan lawas. Kahanan bali kaya biyen. Omah katon resik tumata, panganan tansah cumawis. Swasana dadi bali kepenak maneh.

Pancen kadhangkala wong sing katone nyambut gawe prasaja disawang remeh. Kamangka satemene saben wong kuwi duwe kewajiban dhewe-dhewe, sing tansah sesambungan karo kewajiban pawongan liyane. Mula luwih becik aja padha nyepelekake pagaweyane wong liya, sing katone remeh.

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.