Precil Kang Nelangsa Awit Diina Kanca

Pancen wis rada sauntara ora ana udan. Lemah-lemah uga katon nela. Suwasana kuwi dadi pambukane dongeng precil kang nelangsa.

Precil Kang Nelangsa Awit Diina Kanca Ilustrasi Dongeng Precil (Youtube.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Awan iku panase sumelet, gegodhongan katon alum. Pancen wis rada sauntara ora ana udan. Lemah-lemah uga katon nela. Suwasana kuwi dadi pambukane dongeng precil kang nelangsa.

Kahanan mangkono ora ndadekake anak-anakane kewan, kayata precil anak kodhok, minthi anak menthok, meri anak bebek lan kuncung anake merak aras-arasen anggone padha gegojegan ana sak ngisore gegrumbulan ing satengahe alas.

Sak jroning gegojegan, geguyonan mau si Minthi lan Meri ora uwis-uwis anggone ngenyek lan ngelek-elek marang wujude si Precil. Precil diina menawa rupane ala, paling ala saka bangsane kewan sak jagat raya.

Awas, Gelombang Setinggi Enam Meter Ancam Pesisir Selatan Jawa

“He, Cil, kowe kuwi ora pantes dolanan bareng Meri, Minthi lan Kuncung. Tontonen coba aku tetelu iki nggantheng lan ayu-ayu ya bisa mabur. Lha bareng kowe mung ipal-ipul ora duwe kabisan babar pisan. Kana enggal mulih-mulih!” celathune Minthi karo nyampar awake Precil bola-bali.

Nangis Turut Dalan

Precil kang nelangsa ora kuwat nampa pangenyeke Minthi. Precil age-age ninggalake papan iku. Atine nelangsa, remuk rontang ranting. Sajroning lumaku mripate kocos-kocos nangis turut dalan. Ing batin Precil ngundamana marang golongane kodhok sing diparingi wewujudan kaya mangkene.

“Dhuh Gusti, menapa kula menika pancen sato ingkang mboten mupangati, kenging menapa paduka nitahaken kula kanthi wujud awon?” pangudarasane Precil misek-misek karo mlaku tanpa daya. Dhadhane sesek nahan mangkel merga pangenyeke si Minthi.

Mengaku Petugas Covid-19 Dikeroyok Warga, Polres Pekalongan Lakukan Penangkapan

Bareng Precil wis teka papan dununge, atine isih mangkel, ngontok-ontok. Malah ibune sing mbagekake tekane, kanthi kebak rasa kangen babar pisan ora digubris. Tangise saya banter nanging ora gelem ngudhal isi atine. Ibune dadi bingung. Dilelipur si Precil kanthi maneka warna cara lan tetembangan. Nanging tetep panggah nelangsa atine.

Wayah esuk. Sisih wetan mengangah abang semburat. Precil kang nelangsa nilapake ibune, ing pangangkah cepet-cepet kepengin nemoni si Kuncung lan Ibu Merak. Pangajabe Precil kanthi ketemu Ibu Merak muga-muga bisa ngilangi sengkele ati.

“We lha esuk-esuk kok wis teka kene Cil?” pitakone Kuncung grapyak semanak.

“Iya Cung, aku kepengin ketemu Ibumu, oleh ora?” saurane Precil.

Masa Tanggap Darurat Covid-19 di Salatiga Diperpanjang

“Oleh Cil, kae ibuku lagi dhedhe ana mburi. Bu… Ibu iki lho Precil pengin ketemu…” pambengoke Kuncung marang ibune.

“Ana apa Cil kok kadingaren, esuk-esuk ngene wis dolan mrene. Mripatmu bithu-bithu kena apa?” pitakone Ibu Merak ora kalah grapyake.

Duwe Kabisan

“Kula kepengin dados putranipun Ibu Merak. Ingkang gadhah wulu indah lan saged mabur,” jawabe Precil prasaja.

“Kepriye ta iki, Lha wong aku wae kepengin kaya Ibu Kodhok, bisa nglangi, bisa nembang, gegojegan ana ing blumbang. Kudune kowe seneng amarga keluargamu duwe kabisan kang ngedap-edapi,” pituture Ibu Merak agawe si Precil dlongap-dlongop mongkok atine.

Pemudik di Klaten Diimbau Tunda Balik ke Perantauan, Ada Apa?

“Kula dipunece kaliyan Minthi Bu, kacriyos keluarga Kodhok menika klebet bangsane kewan ingkang paling ala lan mboten migunani,” wadule Precil marang Ibu Merak.

“Ora usah digagas omongane Minthi. Lha wong keluargamu iku sing bisa ngregengake lingkungan iki kanthi tetembangan imbal-imbalan kang nyengsemake. Wis enggal baliya mengko ibumu bingung nggoleki kowe,” pituture Ibu Merak kang bisa ngluluhake nelangsane si Precil.

Sakwise pamitan Ibu Merak lan Kuncung, Precil age-age mulih. Saiki atine dadi mongkok sawise nampa pitutur becik saka Ibu Merak.

Penanganan Covid-19, Kebijakan Pusat Tumpang Tindih Bikin Bupati Sragen Pusing

Ing sak dalan-dalan Precil mung tansah ngalembana marang kabecikane Kuncung lan Ibu Merak. Sanajan keluargane Merak pinaringan wujud kang bergas nanging tetep prasaja lan sayuk rukun marang sapadha-padha.

Bareng si Precil wis tumeka ngomah Ibu Kodhok age dirangkul diambungi pipine kebak rasa katresnan.

 

Dening: Sunarimo SPd

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.