Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

Waleh bakal menyang Kraton awit ditimbali Sang Nata kang mireng dongeng waleh bocah jujur. Sang Nata kepranan marang kajujurane Waleh.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca Ilustrasi Bocah Angon. (Facebook.com)

Semarangpos.com, SEMARANG — Ing dongeng waleh bocah jujur sadurungi dicritakake Waleh nyalami lan ngaras tangane wong tuwane sakloron, minangka pamitan. Waleh bakal menyang Kraton awit ditimbali Sang Nata kang mireng dongeng waleh bocah jujur.

Waleh banjur munggah ing kreta karaton, kang enggal nyemprang ngener kutha negara. Ora nganti setengah dina, kreta sing ditumpaki Waleh wis tekan karaton ing tengah kutha negara.

“Waleh sing jujur, apa kowe gelem dadi tukang angon sapi-sapiku lan uga ngopeni bantheng klangenanku?” Pitakone Sang Nata.

“Inggih. Kula sagah, Sang Prabu.” Waleh wangsulan urmat.

Fraksi PKB Minta Bupati Grobogan Tutup Semua Tempat Karaoke Selama Pandemi Covid-19

Wiwit dina kuwi Waleh ngopeni sapi-sapi lan bantheng klangenane Sang Nata. Sang Nata seneng banget marang Waleh, awit bocahe pancen jujur. Waleh uga rumangsa seneng. Mula anggone nyambut gawe kanthi temen-temen. Kabeh sapi-sapi lan bantheng siji klangenane Sang Nata katon waras-waras lan lemu-lemu.

“Kepiye kahanane sapi-sapiku?” Pandangune Sang Nata.

“Sedaya saras lan lema-lema.” Wangsulane Waleh.

“Kepiye kahanane pedhet-pedhetku?”

“Sedaya saras, lan lema saha ngremenaken.”

“Kepiye kahanane bantheng klangenanku?”

“Tansah saras, rosa, gagah, lan semangat.”

RSUD Wongsonegoro Sebut Pemakaman Jenazah Covid-19 di Ngerangan Klaten Sudah Sesuai Prosedur

Mesthi wae Sang Nata rena penggalihe. Kabeh sing dumadi njalari ana abdi sawetara sing iri lan ora seneng marang Waleh. Abdi mau banjur gawe rantaman kanggo nyingkirake si Waleh.

Ora Duwe Sujana

Abdi sing ora seneng marang Waleh kuwi ngadani pista ing omahe. Waleh diundang. Mesthi wae Waleh gelem, ora duwe sujana apa-apa. Awit Waleh pancen jujur lan ora tau gawe cilakane wong liya. Mula Waleh ora duwe panduga apa-apa.

Abdi sing culika mau nyampur ombene Waleh nganggo racun sing gawe mabuk, lan sing keracunan kuwi mau bakal nuruti kabeh kekarepane sing ngongkon.

Waleh ora cubriya, mula anggone mangan ngombe sawarege. Ora watara suwe Waleh ambruk, sirahe kliyengan, wusanane ora eling. Rada suwe. Nalika eling wis dicekeli glathi cilik dening abdi sing culika mau.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

“Waleh sing jujur, saiki kowe baliya lan banthenge Sang Prabu patenana nganggo glathi sing kocekel kuwi!” Abdi culika mau kandha sora.

Waleh ora wangsulan. Dheweke ngadeg lan mlaku kanthi senggoyoran. Ngener kandhang bantheng klangenane Sang Nata.

Abdi sing culika katon mesem kalegan. Sesuk mesthi Waleh bakal diukum dening Sang Nata. Saora-orane mesthi bakal ditundhung saka karaton. (Ana candhake)

 

 

Dening: Al Aris Purnomo

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.