Cubriya lan Amarah Ndadekake Bulus Cilaka

Rasa cubriya lan amarah pancen bisa ndadekake samubarang bubrah. Malah-malah bisa dadi mala lan cilaka.

Cubriya lan Amarah Ndadekake Bulus Cilaka Ilustrasi Bulus lan Bango (cerita.kangwidi.com)

Semarangpos.com, Semarang — Rasa cubriya lan amarah pancen bisa ndadekake samubarang bubrah. Malah-malah bisa dadi mala lan cilaka. Ing bacute dongeng Bulus lan Bango, kocapa Bango Lanang ngajak Bulus Lanang Wadon pindhah menyang Tlaga Manasasara sing isih akeh banyune.

“Kapinujon kula lan semah kula ugi badhe mrika. Wonten mrika toyanipun taksih kathah. Mugi panjenengan kekalih saged manggen rumiyin wonten ngrika. Mangke menawi Tlaga Kumudawati ngriki sampun wonten toyanipun lan sampun kados nalika ing nguni, panjenengan kula dherekaken ngriki malih,” tuture Bango.

“Kadospundi caranipun?”

Cari Rumput, Warga Wonogiri Temukan Mayat Tinggal Kerangka

“Punika kula mendhet kayu. Mangke kula lan semah kula nyokot ing kanan keringipun. Lha panjenengan kalih ingkang garwa mangke nyakot ing tengahipun. Mangke kula dherekaken mabur ing langit. Nanging kula nyuwun janjinipun panjenengan kekalih.”

“Punapa punika Pak Bango?”

“Wonten lelakon punapa kemawon, panjenengan kekalih boten kepareng ngandika punapa-punapa. Kedah kendel lan nyokot kayu kemawon. Kadospundi Pak Bango? Punapa panjenengan nyagahi?”

“Inggih pun mangsa borong. Kula ndherek kemawon.”

Klaster Ijtima Gowa Tambah 5 Positif Covid-19, Kasus Positif di Sukoharjo Jadi 60 Orang

Pak Bulus karo Bu Bulus banjur nyakot kayu sing wis dicawisake Pak Bango. Pak Bango lan Bu Bango nyokot kayu kuwi ing kiwa tengene. Banjur mabur tumuju ing Tlaga Manasasara.

Kocap, nalika teka ana dhuwure alas Dhandhaka, ana macan lanang wadon sing lagi keluwen jalaran durung mangan pirang-pirang dina. Nalika weruh ana bango sing lagi mabur nggawa bulus, banjur tuwuh ada-ada ing ciptane.

“Bu-ne! Kae tontonen ana kewan sing bodhone ora karuwan.” pambengoke macan lanang.

“Priye ta pak-ne?” macan wadon metu saka omahe.

“Kae delengen. Ana kewan sing bodho banget. Lha wong digawa mabur karo Bango arep dipakakake anake kok gelem tur manut wae.”

Wacana Pembangunan Patung Di Stasiun Balapan, Ini Komentar Istri Kedua Didi Kempot

“O iya Pakne. Layak Pakne. Lha wong Bulus. Ya pancen bodho tur gampang diapusi.” guneme macan wadon karo semu bengok ben bisa dirungokke bulus ing awang-awang.

Kemropok Atine

Kaya disebit kupinge Bulus nalika krungu dheweke dibodho-bodhokake karo macan sing neng ngisore. Kemropok atine. Saliyane iku, Bulus sakloron uga dadi nduweni rasa sujana marang Bango. Gek mengko omongane macan bener. Dheweke arep dipakakake kanggo anake si Bango. Rasa cubriya lan amarah ngobong atine Bulus.

64 Ton Gabah Jadi Cadangan Pangan di Salatiga Selama Pandemi Covid-19

Sanalika Bulus lali marang kasaguhane sing ora bakal guneman apa-apa yen krungu apa-apa. Bulus sakloron dumadakan misuhi Bango sakloron. Pranyata Bulus bisa kabujuk dening Macan Lanang lan Wadon.

Tanpa nganggo suwe, marga cangkeme Bulus menga kanggo misuhi Bango, mula Bulus sanalika ucul saka kayu sing dadi cekelane. Bulus sakloron tiba kleyang-kleyang mangisor. Banjur dadi mangsane Macan Lanang lan Wadon.

“Wadhuh. Priye ta Pak Bulus lan Bu Bulus iki. Dipenging ngomong apa-apa kok malah dilanggar. Ya wis. Pancen nasibmu dadi mangsane si macan,” ujare Bango Lanang.

Suntuk di Rumah, Warga Solo Nekat ke Mal meski Waswas Tertular Corona

“Iya Pa-ne. Ayo bacutna lakune awake dhewe wae,” clathune Bango Wadon.

 

Dening: Muh Taufiq

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.