Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa

Sawise nata jaring lan piranti liyane, nelayan iku mangkat nerjang bengi. Iki pambukane Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa.

Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa Ilustrasi dongeng penyu kang tetulung. (Semarangpos.com-R. Bambang Aris S.)

Semarangpos.com, SEMARANG — Sawise nata jaring lan piranti liyane, nelayan iku mangkat nerjang bengi. Iki pambukane Dongeng Penyu Kang Tetulung Kanggo Nebus Dosa.

Anak lan bojone nelayan ndremimil anggone meling marang wong sing ditresnani, wong lanang kang dadi agul-aguling keluarga. Supaya ngati-ati ana tengahing samodra. Banjur antuk hasil anggone ngupaya mina.

Prau kang rinakit wis lumaku kagawa playune angin dharatan. Hawane sumilir njekut, lintang-lintang amung sawetara kang katon ngegla merga kalingan mega.

Dongeng Naga Baru Klinthing Sumimpen Ing Endahe Rawa Pening

Lampu-lampune nelayan sing wis tekan tengahing samodra katon pating krelip mobat-mabit kena angin. Swarane ombak pating galebyur.

Sawise jaring rampung jinereng, ora lali nelayan-nelayan mau padha tumungkul ndedonga marang ngarsahing Gusti. Muga-muga bengi iku entuk asil kaya sing dikarepake.

Kanggo ngenteni anggone bakal ngentas jaring, nelayan mau padha nyawiji dadi sak prau kanthi nggawe wedang kopi lan rokokan.

Datan rinasa wayah bengi wis lingsir. Wayahe padha ngentas jaring. Saeba gelane para nelayan mau bareng ngentas jaringe, babar pisan ora oleh gawe. Iwak-iwak sing biasane pating cranthel kecanthol ing jaring, bengi iku blas ora ana sing kecekel.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Sapa Salah Mesthi Seleh

Wah, nasib-nasib bengi iki ora oleh kaya cah. Kamangka kebutuhane urip saya abot. Malah iki mendhunge mbentiyung ketoke arep udan deres. Kabeh kudu ningkatake keprayitnan lan aja lali nyenyuwun muga-muga ora ana sambekala rubeda.

Ora wetara suwe, teka angin lesus gedhe banget. Kapal wis montang-manting kaya kitiran. Bledheg nyamber-nyamber saut-sautan. Ombake katon gegulungan sak wit klapa dhuwure. Prau banter playune kegawa lesus, dumadakan “gedhobrak”! prau pecah nabrak watu karang.

Nelayan mau padha nylametake awake dhewe-dhewe sing wis kecemplung ana ing samodra. Prau sing saben ari kanggo golek pangupa jiwa pecah mawut tanpa wujud maneh.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Dipaeka Dening Kanca

Untung isih ana nelayan loro sing uwal saka bebaya. Kanthi gondhelan pecahan prau wong loro mau terus mbudidaya supaya tetep kuat lan bisa tekan dharatan.

Ing sisih wetan katon abang semburat prantandha wayah esuk bakal teka. Nanging sak pandeleng anane mung samodra kang tanpa winatesan.

Kentekan Tenaga

Wong loro mau wis kentekan tenaga. Wetenge krasa luwe, mula manawa ana barang kemliwer ing tengahing samodra disaut, dipangan kanggo ngganjel weteng. Kaya kayu gapuk, gabus, gegodhongan liyane.

Dongeng Waleh Bocah Jujur, Jenenge Kondhang Sanegara

Nelayan mau wis ora duwe pengarep-arep maneh. Atine krasa remuk rontang-ranting. Apa maneh yen kelingan welinge anak lan bojone rikala mangkat.

“Dhuh Gusti menapa namung dumugi semanten gesang kula. Mugi paduka paring kekiyatan dhumateng kula, Gusti…” panyuwune nelayan loro mau melas.

Ora wetara suwe sacedhake nelayan mau ana penyu anggegirisi marga gedhene. “Adhuh katone penyu iki arep mangsa awakku, ya wis aku lila lan pasrah marang kowe penyu,” kandhane nelayan mau karo kamigilanen ngerti penyu sing gedhene semono kuwi.

“He manungsa, aku ora arep mangsa awakmu, malah aku iki arep tetulungan marang kowe sing lagi nampa pacoban,” kandhane penyu mau. “Ora mungkin, paling aku arep mbok alap sak balamu,” jawabe nelayan isih durung percaya.

Dongengan Wedhus Kurban,Tangise Mumu Merga Kabahagyan Dudu Kasedhihan

“Tenan, aku arep paring pitulungan marang kowe sakloron. Cepet enggal munggah nyang gegerku kene, mumpung ombake ora pati gedhe,” pangajake penyu karo mrenahake gegere.

 

Dening: Sunarimo SPd

Dongeng iki tau kababar ing

Ariwarti Solopos (Grup Media Semarangpos.com)

 

 

Get the amazing news right in your inbox

Berita Terpopuler

0 Komentar

Belum ada komentar, jadilah yang pertama untuk menanggapi berita ini.

Tinggalkan Komentar

Anda harus logged in untuk kirim komentar.